Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #98 Translated in Jawa

وَلَقَدْ جِئْتُمُونَا فُرَادَىٰ كَمَا خَلَقْنَاكُمْ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَتَرَكْتُمْ مَا خَوَّلْنَاكُمْ وَرَاءَ ظُهُورِكُمْ ۖ وَمَا نَرَىٰ مَعَكُمْ شُفَعَاءَكُمُ الَّذِينَ زَعَمْتُمْ أَنَّهُمْ فِيكُمْ شُرَكَاءُ ۚ لَقَدْ تَقَطَّعَ بَيْنَكُمْ وَضَلَّ عَنْكُمْ مَا كُنْتُمْ تَزْعُمُونَ
Lan sapa kang luwih atindak dudu tinimbang kang agawé-gawé goroh marang Allah, utawa aca- lathu: Sabda kawedharaké marang aku; Ing mangka ora ana sabda apa-apa kang kawedharaké marang dhèwèké, lan sapa sing calathu: Aku bisa anurunaké papadhané apa kang katurunaké déning Allah? Lan yèn ta sira weruha nalikané para kang atindak dudu ana sajroné sakarating pati sarta para malaikat padha anguluraké tangané: Padha wetokna jiwanira. Ing dina iki sira bakal winales siksa kang anginak- aké, amarga saka anggonira pada calathu amitunani Allah kang dudu beneré lan saka anggon- ira padha gumedhé marang tim- balan-timbalan-É
إِنَّ اللَّهَ فَالِقُ الْحَبِّ وَالنَّوَىٰ ۖ يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَمُخْرِجُ الْمَيِّتِ مِنَ الْحَيِّ ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ
Lan sayekti temen sira padha tumeka marang Ingsun ijèn, kaya anggon-Ingsun anitahakè sira saka- wit, lan apa kang wus Ingsun paringakè marang sira padha sira tinggal ana ing saburining geger- ira, lan Ingsun ora mirsani para pantaranira anyartani sira, kang padha sira sengguh, yèn dhèwèké iku para sisihané tu- mrapé sira; yekti temen wis pedhot antarané sira, sarta wis sirna saka ing sira apa kang padha sira sengguh mau
فَالِقُ الْإِصْبَاحِ وَجَعَلَ اللَّيْلَ سَكَنًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ حُسْبَانًا ۚ ذَٰلِكَ تَقْدِيرُ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ
Sayekti Allah adamel male- thèké wiji lan isi kurma; Panjene- ngané angetokaké barang urip saka barang mati sarta Panjenengané iku kang angetokaké barang mati saka barang urip; yaiku Allah! lah kapriyé margané anggonira padha kebalik
وَهُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ النُّجُومَ لِتَهْتَدُوا بِهَا فِي ظُلُمَاتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ ۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ
Panjenengané malethèkaké bangun-ésuk sarta andadèkaké we- ngi minangka palereman apa déné srengéngé lan rembulan minangka pétungan; iki tatanané Ingkang- Minulya, Ingkang-Angudanèni
وَهُوَ الَّذِي أَنْشَأَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ فَمُسْتَقَرٌّ وَمُسْتَوْدَعٌ ۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَفْقَهُونَ
Lan Panjenengané iku kang andadèkaké lintang-lintang tumrap marang sira, supaya sira padha ka- tuntun nurut dalan kang bener ana ing pepetenging dharatan lan sa- gara; temen Ingsun wus amijang- mijangaké timbalan-timbalan-Ing- sun tumrap wong kang padha weruh

Choose other languages: