Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #96 Translated in Jawa

وَهَٰذَا كِتَابٌ أَنْزَلْنَاهُ مُبَارَكٌ مُصَدِّقُ الَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ وَلِتُنْذِرَ أُمَّ الْقُرَىٰ وَمَنْ حَوْلَهَا ۚ وَالَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ يُؤْمِنُونَ بِهِ ۖ وَهُمْ عَلَىٰ صَلَاتِهِمْ يُحَافِظُونَ
Lan dhèwèké padha ora ang- regani Allah kalawan rega-Né sa- nyatané nalikané padha angucap ora pisan Allah andhawuhaké apa- apa marang manusa. Calathua: Sa- pa kang andhawuhaké Kitab kang kaampil Musa, sawijining papa- dhang lan tuntunan tumrap para manusa, kang padha sira dadèkaké tulis kang abosah-basih, sira katonaké lan kang akèh padha sira umpetaké? lan sira padha diweruhaké barang kang sira padha ora weruh, sira apa déné bapak-bapakira. Sira tutura: Allah; banjur padha sira togna baé ang- goné padha mainan ing dalem omongé lalahanan
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ قَالَ أُوحِيَ إِلَيَّ وَلَمْ يُوحَ إِلَيْهِ شَيْءٌ وَمَنْ قَالَ سَأُنْزِلُ مِثْلَ مَا أَنْزَلَ اللَّهُ ۗ وَلَوْ تَرَىٰ إِذِ الظَّالِمُونَ فِي غَمَرَاتِ الْمَوْتِ وَالْمَلَائِكَةُ بَاسِطُو أَيْدِيهِمْ أَخْرِجُوا أَنْفُسَكُمُ ۖ الْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُونِ بِمَا كُنْتُمْ تَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ غَيْرَ الْحَقِّ وَكُنْتُمْ عَنْ آيَاتِهِ تَسْتَكْبِرُونَ
Lan iki Kitab kang Ingsun turunaké, kang binarkahan, dumu- nung ambeneraké kang ana ing sangarepéa lan supaya sira apépé- linga ibuning praja lan sapa ing sakiwa tengené; lan para kang padha angèstu ing akhirat pada angèstu marang iku sarta marang salaté padha tuhu- tuhu rumeksa
وَلَقَدْ جِئْتُمُونَا فُرَادَىٰ كَمَا خَلَقْنَاكُمْ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَتَرَكْتُمْ مَا خَوَّلْنَاكُمْ وَرَاءَ ظُهُورِكُمْ ۖ وَمَا نَرَىٰ مَعَكُمْ شُفَعَاءَكُمُ الَّذِينَ زَعَمْتُمْ أَنَّهُمْ فِيكُمْ شُرَكَاءُ ۚ لَقَدْ تَقَطَّعَ بَيْنَكُمْ وَضَلَّ عَنْكُمْ مَا كُنْتُمْ تَزْعُمُونَ
Lan sapa kang luwih atindak dudu tinimbang kang agawé-gawé goroh marang Allah, utawa aca- lathu: Sabda kawedharaké marang aku; Ing mangka ora ana sabda apa-apa kang kawedharaké marang dhèwèké, lan sapa sing calathu: Aku bisa anurunaké papadhané apa kang katurunaké déning Allah? Lan yèn ta sira weruha nalikané para kang atindak dudu ana sajroné sakarating pati sarta para malaikat padha anguluraké tangané: Padha wetokna jiwanira. Ing dina iki sira bakal winales siksa kang anginak- aké, amarga saka anggonira pada calathu amitunani Allah kang dudu beneré lan saka anggon- ira padha gumedhé marang tim- balan-timbalan-É
إِنَّ اللَّهَ فَالِقُ الْحَبِّ وَالنَّوَىٰ ۖ يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَمُخْرِجُ الْمَيِّتِ مِنَ الْحَيِّ ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ
Lan sayekti temen sira padha tumeka marang Ingsun ijèn, kaya anggon-Ingsun anitahakè sira saka- wit, lan apa kang wus Ingsun paringakè marang sira padha sira tinggal ana ing saburining geger- ira, lan Ingsun ora mirsani para pantaranira anyartani sira, kang padha sira sengguh, yèn dhèwèké iku para sisihané tu- mrapé sira; yekti temen wis pedhot antarané sira, sarta wis sirna saka ing sira apa kang padha sira sengguh mau
فَالِقُ الْإِصْبَاحِ وَجَعَلَ اللَّيْلَ سَكَنًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ حُسْبَانًا ۚ ذَٰلِكَ تَقْدِيرُ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ
Sayekti Allah adamel male- thèké wiji lan isi kurma; Panjene- ngané angetokaké barang urip saka barang mati sarta Panjenengané iku kang angetokaké barang mati saka barang urip; yaiku Allah! lah kapriyé margané anggonira padha kebalik

Choose other languages: