Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #82 Translated in Jawa

فَلَمَّا رَأَى الشَّمْسَ بَازِغَةً قَالَ هَٰذَا رَبِّي هَٰذَا أَكْبَرُ ۖ فَلَمَّا أَفَلَتْ قَالَ يَا قَوْمِ إِنِّي بَرِيءٌ مِمَّا تُشْرِكُونَ
Mulané, bareng andeleng rembulan andadari, acalathu: Apa iki Pangéranku? Ananging bareng surup, acalathu: Yèn ta Pangé- ranku ora nuntun aku, sayekti aku iki dadi golongané wong kang padha sasar
إِنِّي وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِي فَطَرَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ حَنِيفًا ۖ وَمَا أَنَا مِنَ الْمُشْرِكِينَ
Mulané, bareng andeleng srengéngé mlethèk, acalathu: Apa iki Pangéranku? Ananging, bareng surup, acalathu: É, kaumku, sayek- ti aku iki lebaran saka kang koanggep sisihané
وَحَاجَّهُ قَوْمُهُ ۚ قَالَ أَتُحَاجُّونِّي فِي اللَّهِ وَقَدْ هَدَانِ ۚ وَلَا أَخَافُ مَا تُشْرِكُونَ بِهِ إِلَّا أَنْ يَشَاءَ رَبِّي شَيْئًا ۗ وَسِعَ رَبِّي كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا ۗ أَفَلَا تَتَذَكَّرُونَ
Sayekti aku iki angadhepaké adhepku marang kang andadèkaké langit-langit lan bumi, kalawan legawa, lan ora pisan aku iki golongané para kang manembah Pangéran akèh
وَكَيْفَ أَخَافُ مَا أَشْرَكْتُمْ وَلَا تَخَافُونَ أَنَّكُمْ أَشْرَكْتُمْ بِاللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ عَلَيْكُمْ سُلْطَانًا ۚ فَأَيُّ الْفَرِيقَيْنِ أَحَقُّ بِالْأَمْنِ ۖ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Kaumé padha amadoni dhè- wèké. Dhèwèké acalathu: Apa ta kowé padha amadoni aku ing bab Allah? Lan temen Panjenengané wus anuntun aku, sarta ora pisan aku wedi marang apa kang koanggep sisihané Panjenengané, kajaba manawa ana kaparengé Pangéranku; Pangéranku Ngélmu- Né amaratani samubarang; lah apa ta kowé ora padha ngangen-angen
الَّذِينَ آمَنُوا وَلَمْ يَلْبِسُوا إِيمَانَهُمْ بِظُلْمٍ أُولَٰئِكَ لَهُمُ الْأَمْنُ وَهُمْ مُهْتَدُونَ
Kapriyé oléhku wedi marang apa kang koanggep sisihané , ing mangka kowé padha ora wedi anjèjèraké sisihan ing Allah barang kang Panjene- ngané ora anurunaké wewenang iku marang kowé; lah papanthan loro iku sing endi sing luwih andarbèni wenang ing karaharjan, manawa kowé padha weruh

Choose other languages: