Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #51 Translated in Jawa

قُلْ أَرَأَيْتَكُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُ اللَّهِ بَغْتَةً أَوْ جَهْرَةً هَلْ يُهْلَكُ إِلَّا الْقَوْمُ الظَّالِمُونَ
Calathua: Apa ta sira wis padha nimbang-nimbang, saupama siksaning Allah anekani sira kala- wan ngegèt utawa kalawan nge- blak, sapa ta kang dirusak kajaba wong kang padha atindak dudu
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِينَ إِلَّا مُبَشِّرِينَ وَمُنْذِرِينَ ۖ فَمَنْ آمَنَ وَأَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Lan ora liya Ingsun angutus para utusan iku kajaba minangka juru-awèh warta bungah sarta minangka juru-pépéling; mulané, sapa sing angèstu lan alaku becik, iya ora bakal kataman wedi sarta ora bakal padha susah
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا يَمَسُّهُمُ الْعَذَابُ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun, siksa bakal ange- nani dhèwèké amarga anggoné padha murang yekti
قُلْ لَا أَقُولُ لَكُمْ عِنْدِي خَزَائِنُ اللَّهِ وَلَا أَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَا أَقُولُ لَكُمْ إِنِّي مَلَكٌ ۖ إِنْ أَتَّبِعُ إِلَّا مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ ۚ قُلْ هَلْ يَسْتَوِي الْأَعْمَىٰ وَالْبَصِيرُ ۚ أَفَلَا تَتَفَكَّرُونَ
Calathua: Aku ora kandha marang sira: aku andarbeni kasugi- haning Allah; lan aku ora weruh barang kang ora katon; lan aku ora kandha marang sira, yèn aku iki sawijining malaikat; ora liya aku iki kajaba miturut apa kang kawedharaké marang aku. Cala- thua: Apa padha ta wong kang wuta karo wong kang andeleng? Apa ta sira ora padha mikir
وَأَنْذِرْ بِهِ الَّذِينَ يَخَافُونَ أَنْ يُحْشَرُوا إِلَىٰ رَبِّهِمْ ۙ لَيْسَ لَهُمْ مِنْ دُونِهِ وَلِيٌّ وَلَا شَفِيعٌ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ
Lan sira apépélinga nganggo iki marang para kang padha wedi, manawa dhèwèké bakal padha diimpun marang Pangérané – ora bakal padha duwé pangreksa saliyané Allah sarta ora pantara – supaya padha bektia

Choose other languages: