Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #49 Translated in Jawa

فَقُطِعَ دَابِرُ الْقَوْمِ الَّذِينَ ظَلَمُوا ۚ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Banjur wong kang padha atindak dudu oyodé dikethok; lan sakèhing pangalembana iku kagu- ngané Allah, Pangéraning ngalam kabèh. A
قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَخَذَ اللَّهُ سَمْعَكُمْ وَأَبْصَارَكُمْ وَخَتَمَ عَلَىٰ قُلُوبِكُمْ مَنْ إِلَٰهٌ غَيْرُ اللَّهِ يَأْتِيكُمْ بِهِ ۗ انْظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ ثُمَّ هُمْ يَصْدِفُونَ
Calathua: Apa ta sira wis padha animbang-nimbang, saum- pama Allah amundhut pangrungu- nira, lan pandelengira sarta ange- cap marang ati-atinira, iku sapa pangéran saliyané Allah kang bisa awèh marang sira? Delengen, kapriyé enggon-Ingsun angambal- ambali tandha yekti; éwadéné dhèwèké padha mléngos
قُلْ أَرَأَيْتَكُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُ اللَّهِ بَغْتَةً أَوْ جَهْرَةً هَلْ يُهْلَكُ إِلَّا الْقَوْمُ الظَّالِمُونَ
Calathua: Apa ta sira wis padha nimbang-nimbang, saupama siksaning Allah anekani sira kala- wan ngegèt utawa kalawan nge- blak, sapa ta kang dirusak kajaba wong kang padha atindak dudu
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِينَ إِلَّا مُبَشِّرِينَ وَمُنْذِرِينَ ۖ فَمَنْ آمَنَ وَأَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Lan ora liya Ingsun angutus para utusan iku kajaba minangka juru-awèh warta bungah sarta minangka juru-pépéling; mulané, sapa sing angèstu lan alaku becik, iya ora bakal kataman wedi sarta ora bakal padha susah
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا يَمَسُّهُمُ الْعَذَابُ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ
Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun, siksa bakal ange- nani dhèwèké amarga anggoné padha murang yekti

Choose other languages: