Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #104 Translated in Jawa

وَجَعَلُوا لِلَّهِ شُرَكَاءَ الْجِنَّ وَخَلَقَهُمْ ۖ وَخَرَقُوا لَهُ بَنِينَ وَبَنَاتٍ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۚ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَىٰ عَمَّا يَصِفُونَ
Lan Panjenengané iku kang anurunaké banyu saka mendhung; tumuli iku Ingsun anggo anru- busaké sarupané tanem tuwuh, tumuli saka ing kono Ingsun angetokaké ijo-ijo, saka ing kono Ingsun angetokaké wiji matumpa-tumpa ; lan saka ing wit kurma, saka mancungé, sarta dhodhompolan , kena diranggèh; apa déné kebon anggur lan zaitun sarta dlima kang madharupa tuwin kang ora madharupa; padha andelenga marang wohé nalikané awoh sarta matengé; sayekti ing dalem mang- kono iku temen tandha-yekti tu- mrap wong kang padha angèstu
بَدِيعُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ أَنَّىٰ يَكُونُ لَهُ وَلَدٌ وَلَمْ تَكُنْ لَهُ صَاحِبَةٌ ۖ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ ۖ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Lan dhéwéké padha anda- dèkaké jin dadi sisihané Allah, mangka iku kabèh Allah kang anitahaké, sarta dhéwéké padha angakokaké putra lanang lan putra wadon marang Panjenengané, ka- lawan tanpa kawruh; Mahasuci Panjenengané iku lan Mahaluhur saka anggoné padha anyipati
ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمْ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ فَاعْبُدُوهُ ۚ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ وَكِيلٌ
Ingkang-Amurwani langit- langit lan bumi!a Kapriyé anggoné Panjenengané kagungan putra, kang mangka Panjenengané ora kagungan garwa, sarta Panjene- ngané anitahaké samu- barang, apa déné Panjenengané iku Ingkang-Angudanéni ing sa- mubarang! A
لَا تُدْرِكُهُ الْأَبْصَارُ وَهُوَ يُدْرِكُ الْأَبْصَارَ ۖ وَهُوَ اللَّطِيفُ الْخَبِيرُ
Yaiku Allah, Pangéranira, ora ana sesembahan kajaba Panje- nengané; Ingkang-Anitahaké sa- mubarang; mulané padha ngabdia ing Panjenengané, sarta Panje- nengané iku Ingkang-murba ing samubarang
قَدْ جَاءَكُمْ بَصَائِرُ مِنْ رَبِّكُمْ ۖ فَمَنْ أَبْصَرَ فَلِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ عَمِيَ فَعَلَيْهَا ۚ وَمَا أَنَا عَلَيْكُمْ بِحَفِيظٍ
Pandeleng ora bisa nyakup ing Panjenengané, lan Panjene- ngané nyakup marang sakèhing pandeleng, sarta Panjenengané iku Ingkang-Angudanèni ing lembut, Ingkang-Waspada

Choose other languages: