Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Ahqaf Ayahs #24 Translated in Jawa

وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِينَ كَفَرُوا عَلَى النَّارِ أَذْهَبْتُمْ طَيِّبَاتِكُمْ فِي حَيَاتِكُمُ الدُّنْيَا وَاسْتَمْتَعْتُمْ بِهَا فَالْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُونِ بِمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنْتُمْ تَفْسُقُونَ
Ing dina nalika wong kafir diweruhake neraka, ing kono padha didhawuhi, "Saiki kabungahanira ana donya kang apik wis sira entekake kanggo bungah - bungah. Ing dina iki dipatrapi siksa kang ngremehake marga aggonira padha gumedhe ing bumi kelawan ora bener lan marga anggonira duroko
وَاذْكُرْ أَخَا عَادٍ إِذْ أَنْذَرَ قَوْمَهُ بِالْأَحْقَافِ وَقَدْ خَلَتِ النُّذُرُ مِنْ بَيْنِ يَدَيْهِ وَمِنْ خَلْفِهِ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا اللَّهَ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ
(Muhammad), Nyeritakna (Hud) sedulure kaum ’Aad nalika mulang lan ngelengake ummate ana jurang al-Ahqaaf. Satemene wis didhisiki pirang - pirang wong sing ngelingake sakdurunge lan sawise (kanthi kondho), "Aja nyembah kajaba mung Allah, satemene aku kuatir yen ing tembe kowe dipatrapi siksa gedhe
قَالُوا أَجِئْتَنَا لِتَأْفِكَنَا عَنْ آلِهَتِنَا فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِنْ كُنْتَ مِنَ الصَّادِقِينَ
Wong ’Aad padha mangsuli, "Punapa sampyan mrintah dhateng kula supados ngoncati anggen kula nyembah pangeran kula?" Manawi ngendika punika leres sumonggo sampyan dhatengaken siksa ingkang sampyan ancamaken punika
قَالَ إِنَّمَا الْعِلْمُ عِنْدَ اللَّهِ وَأُبَلِّغُكُمْ مَا أُرْسِلْتُ بِهِ وَلَٰكِنِّي أَرَاكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُونَ
(Hud) mangsuli, "Mung Allah piyambak kang nguningani dina tekane siksa, dene wajibku mung handhawuhake parentahing Allah kang tak emban. Barang kowe padha hanggege siksa, panemuku kowe iku wong bodho
فَلَمَّا رَأَوْهُ عَارِضًا مُسْتَقْبِلَ أَوْدِيَتِهِمْ قَالُوا هَٰذَا عَارِضٌ مُمْطِرُنَا ۚ بَلْ هُوَ مَا اسْتَعْجَلْتُمْ بِهِ ۖ رِيحٌ فِيهَا عَذَابٌ أَلِيمٌ
Bareng (wong ’Aad) weruh siksa arupa mendhung malang ngarepe jurang. Pangucape (wong ’Aad), "Mendung iki bakal nganaake udan, beneran ing kene wis lawas ora udan". (Pangandikaning Allah) Iki siksa kang padha sira naggege iku, angin siksa kang nglarani dudu mendhung

Choose other languages: