Quran Apps in many lanuages:

Surah Adh-Dhariyat Ayahs #37 Translated in Jawa

لِنُرْسِلَ عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِنْ طِينٍ
Kula kakersakaken jawahi sela utawi banon dhateng tiyang kafir wau
مُسَوَّمَةً عِنْدَ رَبِّكَ لِلْمُسْرِفِينَ
Sela wau sampun dipun cireni dening Pangeran panjenengan kangge (nyirnakaken) para tiyang tumindak kesangetan. (Selanipun sampun dipun paringi nami - nami ingkang badhe kataman sela wau)
فَأَخْرَجْنَا مَنْ كَانَ فِيهَا مِنَ الْمُؤْمِنِينَ
Sapunika kula perlu nyingkiraken para mukmin ingkang sami wonten ngriku
فَمَا وَجَدْنَا فِيهَا غَيْرَ بَيْتٍ مِنَ الْمُسْلِمِينَ
Salebethipun kitha mriku kula boten manggih kajawi namung satunggal griyanipun tiyang ingkang sampun sumarah (Islam)
وَتَرَكْنَا فِيهَا آيَةً لِلَّذِينَ يَخَافُونَ الْعَذَابَ الْأَلِيمَ
Kula lajeng nilar tetilas wonten ngriku supados dados ayat tandha yektosipun (anggen kula numpes ummatipun Luth) dadosa penget dhateng para tiyang ingkang ajrih siksa ingkang nyakiti

Choose other languages: