Quran Apps in many lanuages:

Surah Ad-Dukhan Ayahs #22 Translated in Jawa

أَنْ أَدُّوا إِلَيَّ عِبَادَ اللَّهِ ۖ إِنِّي لَكُمْ رَسُولٌ أَمِينٌ
(Dhawuhe Musa), Para kawulane Allah, aku iki utusaning Pangeran, dipercaya nerangake marang kowe padha mituruta marang aku
وَأَنْ لَا تَعْلُوا عَلَى اللَّهِ ۖ إِنِّي آتِيكُمْ بِسُلْطَانٍ مُبِينٍ
Lan kowe aja padha lumuhur - luhur ora gelem ngertekake dhawuhe Allah, tekaku iki kanthi tandha yekti kang terang. Mratandhani yen aku iki utusane Allah
وَإِنِّي عُذْتُ بِرَبِّي وَرَبِّكُمْ أَنْ تَرْجُمُونِ
Aku nyuwun pitulung ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu aja nganti kok balangi watu
وَإِنْ لَمْ تُؤْمِنُوا لِي فَاعْتَزِلُونِ
Manawa kowe padha ora ngandel marang aku, mung aja nandukake pihala wae
فَدَعَا رَبَّهُ أَنَّ هَٰؤُلَاءِ قَوْمٌ مُجْرِمُونَ
(Musa) munjuk ing Pangerane mratelakake yen Fir’aun sabalane padha puguh kafir (muga ditindakna ana kang dadi bener)

Choose other languages: