Quran Apps in many lanuages:

Surah Ad-Dukhan Ayahs #21 Translated in Jawa

وَلَقَدْ فَتَنَّا قَبْلَهُمْ قَوْمَ فِرْعَوْنَ وَجَاءَهُمْ رَسُولٌ كَرِيمٌ
Biyen sadurunge dheweke (wong Mekkah) Ingsun nyoba Fir’aun sabalane kang mulya (Musa lan Harun)
أَنْ أَدُّوا إِلَيَّ عِبَادَ اللَّهِ ۖ إِنِّي لَكُمْ رَسُولٌ أَمِينٌ
(Dhawuhe Musa), Para kawulane Allah, aku iki utusaning Pangeran, dipercaya nerangake marang kowe padha mituruta marang aku
وَأَنْ لَا تَعْلُوا عَلَى اللَّهِ ۖ إِنِّي آتِيكُمْ بِسُلْطَانٍ مُبِينٍ
Lan kowe aja padha lumuhur - luhur ora gelem ngertekake dhawuhe Allah, tekaku iki kanthi tandha yekti kang terang. Mratandhani yen aku iki utusane Allah
وَإِنِّي عُذْتُ بِرَبِّي وَرَبِّكُمْ أَنْ تَرْجُمُونِ
Aku nyuwun pitulung ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu aja nganti kok balangi watu
وَإِنْ لَمْ تُؤْمِنُوا لِي فَاعْتَزِلُونِ
Manawa kowe padha ora ngandel marang aku, mung aja nandukake pihala wae

Choose other languages: