Quran Apps in many lanuages:

Surah Ya-Seen Ayahs #13 Translated in Jawa

وَجَعَلْنَا مِنْ بَيْنِ أَيْدِيهِمْ سَدًّا وَمِنْ خَلْفِهِمْ سَدًّا فَأَغْشَيْنَاهُمْ فَهُمْ لَا يُبْصِرُونَ
Ing ngarepe lan burine wong mau. Ingsun dokoki tutup kang mepeti anggone arep ngandel ing Allah, pandelenge Ingsun gawe peteng. Mulane padha ora handeleng dalan kang bener
وَسَوَاءٌ عَلَيْهِمْ أَأَنْذَرْتَهُمْ أَمْ لَمْ تُنْذِرْهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ
Wong kang mangkono mau sanadiyan sira elingake utawa ora padha bahe, mesthi ora gelem percaya Allah
إِنَّمَا تُنْذِرُ مَنِ اتَّبَعَ الذِّكْرَ وَخَشِيَ الرَّحْمَٰنَ بِالْغَيْبِ ۖ فَبَشِّرْهُ بِمَغْفِرَةٍ وَأَجْرٍ كَرِيمٍ
Anggonira ngelingake manungsa iku kang mesthi tumama lan migunani marang wong kang ngestokake dhawuhing al-Qu’ran. Sarta bekti marang Pangeran kankg Maha Murah sanadiyan ana pasepen. Wong kang mangkono mahu sira bebungaha bakal oleh pangapuraning Allah lan oleh ganjaran mulya
إِنَّا نَحْنُ نُحْيِي الْمَوْتَىٰ وَنَكْتُبُ مَا قَدَّمُوا وَآثَارَهُمْ ۚ وَكُلَّ شَيْءٍ أَحْصَيْنَاهُ فِي إِمَامٍ مُبِينٍ
Satemene Ingsun besuk bakal nguripake sarupaning wong kang wis padha mati. Sarta nyatethi laku hala lan becik kang wis padha dilakoni dening wong mahu. Apa dene lelabetane wong mahu. Samu barang iku kabeh Ingsun cacahake teliti lan diterangake, tinulis ana ing Lauh Mahfudz
وَاضْرِبْ لَهُمْ مَثَلًا أَصْحَابَ الْقَرْيَةِ إِذْ جَاءَهَا الْمُرْسَلُونَ
Lan sira anggelara upama marang para ummatira (ing negara Inthoqiyah) nalika ditekani para kongkonane Nabi (Isa)

Choose other languages: