Quran Apps in many lanuages:

Surah Ta-Ha Ayahs #112 Translated in Jawa

يَوْمَئِذٍ يَتَّبِعُونَ الدَّاعِيَ لَا عِوَجَ لَهُ ۖ وَخَشَعَتِ الْأَصْوَاتُ لِلرَّحْمَٰنِ فَلَا تَسْمَعُ إِلَّا هَمْسًا
Ana ing dina iku, kabeh wae pada manut marang panguwuhe (pangajake) Malaikat Israil (kabeh padha didhawuhi nglumpuk sowan ing ngarsane Pangeran) ora ana kang nyleweng. Suwora - suwora padha meneng, konjem karana wedi marang pangeran kang Maha Welas. Kowe ora krungu suwara apa - apa, kajaba mung suwara kleset - kleset
يَوْمَئِذٍ لَا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ إِلَّا مَنْ أَذِنَ لَهُ الرَّحْمَٰنُ وَرَضِيَ لَهُ قَوْلًا
Ing dina iku ora ana syafa’at (pitulung) kang migunani, kajaba syafa’ate wong kang pikantuk idzine Pangeran kang Maha Welas, sarta kang ngucapake pangucap kang njalari oleh syafa’at (yaiku pangucap: Laa Ilaaha Illallah, Muhammadaur Rasulullah)
يَعْلَمُ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يُحِيطُونَ بِهِ عِلْمًا
Panjenengane ngudaneni kabeh kahanane para kawulane, padha uga kang wis kelakon lan kang durung kelakon. Lan ilmune wong - wong iku ora bisa nglimputi marang perkara kang kalimputan dening ilmune Allah
وَعَنَتِ الْوُجُوهُ لِلْحَيِّ الْقَيُّومِ ۖ وَقَدْ خَابَ مَنْ حَمَلَ ظُلْمًا
Lan kabeh rahi padha konjem sujud marang Pangeran Kang Sugeng lan kang Jumeleng pribadi. Lan yekti kapitunan wong kang padha mikul dosa (besuk dina Qiyamat)
وَمَنْ يَعْمَلْ مِنَ الصَّالِحَاتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا يَخَافُ ظُلْمًا وَلَا هَضْمًا
Dene wong kang nindakake kebecikan sarta dheweke iki iman, ora kuwatir yen ta dikaniaya (klawan ditambah alane) lan ora sumelang (kanthi dikurangi kebecikane)

Choose other languages: