Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #65 Translated in Jawa

قَالُوا رَبَّنَا مَنْ قَدَّمَ لَنَا هَٰذَا فَزِدْهُ عَذَابًا ضِعْفًا فِي النَّارِ
Wong kang manut mau banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, tiyang ingkang ngajani kawula dados kafir punika siksanpun wonten neraka mugi paduka wewahi tikel katimbang kaliyan kawula
وَقَالُوا مَا لَنَا لَا نَرَىٰ رِجَالًا كُنَّا نَعُدُّهُمْ مِنَ الْأَشْرَارِ
Pangarepe wong kafir iku ana neraka padha celathu, "Ya gene aku ana kene ora weruh wong - wong kang nalika ana donya padha anggep hala lan asor?" Pandhereke Muhammad
أَتَّخَذْنَاهُمْ سِخْرِيًّا أَمْ زَاغَتْ عَنْهُمُ الْأَبْصَارُ
Dhek ana donya wong mau tak anggo geguyon. Saiki apa ora ana ing neraka kene. nanging pandelengku dadi katilapan ora weruh
إِنَّ ذَٰلِكَ لَحَقٌّ تَخَاصُمُ أَهْلِ النَّارِ
Kang wis kasebut bab padune wong ing neraka mau nyata
قُلْ إِنَّمَا أَنَا مُنْذِرٌ ۖ وَمَا مِنْ إِلَٰهٍ إِلَّا اللَّهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ
(Muhammad) dhawuha marang si kafir, "Aku ngelengake marang kowe. Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang Esa tur masesa

Choose other languages: