Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #37 Translated in Jawa

رُدُّوهَا عَلَيَّ ۖ فَطَفِقَ مَسْحًا بِالسُّوقِ وَالْأَعْنَاقِ
Nuli ana malaikat dhawuh, "Kepel ingkang sampun lajeng dipun priksa inggal dipun wangsulaken (cahosaken) Allah". Nuli Sulaiman ngelus - elus sikile lan gulune
وَلَقَدْ فَتَنَّا سُلَيْمَانَ وَأَلْقَيْنَا عَلَىٰ كُرْسِيِّهِ جَسَدًا ثُمَّ أَنَابَ
Ingsun nyoba marang Sulaiman, lan Ingsun dadekake dheweke gelethak ana dhampare (kursi emas) sarirane lemes (marga gerah) tumuli taubat
قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِي وَهَبْ لِي مُلْكًا لَا يَنْبَغِي لِأَحَدٍ مِنْ بَعْدِي ۖ إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ
Sulaiman nalongsa munjuk ing Allah: "Dhuh Pangeran kawula, paduka mugi ngapura dhumateng kawula, saha paringa kraton ageng dhumateng kawula. Ingkang ing tembe sapengker kawula boten wonten satunggaling tiyang gadhah keraton ingkang sami. Saestunipun Paduka punika kuwasa peparing
فَسَخَّرْنَا لَهُ الرِّيحَ تَجْرِي بِأَمْرِهِ رُخَاءً حَيْثُ أَصَابَ
Ingsun banjur nyungkemake angin (marang Sulaiman), angin mahu mlaku ngidit ngestokake parentah sing dikersakake
وَالشَّيَاطِينَ كُلَّ بَنَّاءٍ وَغَوَّاصٍ
Sarupaning syetan padha ngestokake parentahe (Sulaiman)

Choose other languages: