Quran Apps in many lanuages:

Surah Saba Ayahs #25 Translated in Jawa

وَمَا كَانَ لَهُ عَلَيْهِمْ مِنْ سُلْطَانٍ إِلَّا لِنَعْلَمَ مَنْ يُؤْمِنُ بِالْآخِرَةِ مِمَّنْ هُوَ مِنْهَا فِي شَكٍّ ۗ وَرَبُّكَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ حَفِيظٌ
Iblis anggone INgsun gadhuhi panguawasa bisa anggoda manungsa, iku ora liya mung supaya Ingsun bisa nguningani kelawan gumelar sapa kang temen pracaya lan sapa kang mamang anane dina akherat mau, Allah Pangeranira iku nyatethi samu barang
قُلِ ادْعُوا الَّذِينَ زَعَمْتُمْ مِنْ دُونِ اللَّهِ ۖ لَا يَمْلِكُونَ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ فِي السَّمَاوَاتِ وَلَا فِي الْأَرْضِ وَمَا لَهُمْ فِيهِمَا مِنْ شِرْكٍ وَمَا لَهُ مِنْهُمْ مِنْ ظَهِيرٍ
(Muhammad) Sira dhawuha marang wong kafir, mara padha njaluka marang brahala kang padha kok anggep pangeran liyane Allah. Brahala mau ora dhuwe isining bumi lan langit sabotoning semut. Melu duwe bae ora. Allah anggone yasa samubarang kang dumadi, tanpa pitulunganing brahala
وَلَا تَنْفَعُ الشَّفَاعَةُ عِنْدَهُ إِلَّا لِمَنْ أَذِنَ لَهُ ۚ حَتَّىٰ إِذَا فُزِّعَ عَنْ قُلُوبِهِمْ قَالُوا مَاذَا قَالَ رَبُّكُمْ ۖ قَالُوا الْحَقَّ ۖ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيرُ
Lan ora ana gunane syafa’at ana ngarsane Allah, kacoba barang wong kang wis diaprengake oleh syafa’at mau, malah besuk yen wong kang arep duwe syafa’at wis ilang wedine lan girising atine banjur padha tinakon, "Allah Pangeran sampeyan, ngandika punapa?" Kang tinakonan mangsuli, "Allah ngandika kaliyan nyata", Allah punika Maha Luhur tur Agung
قُلْ مَنْ يَرْزُقُكُمْ مِنَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ قُلِ اللَّهُ ۖ وَإِنَّا أَوْ إِيَّاكُمْ لَعَلَىٰ هُدًى أَوْ فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
(Muhammad) Sira dhawuha, "Sapa kang aweh rizki marang kowe, rupa banyu udan saka langit, lan thetukulan saka bumi?" Dhawuha, "Allah". Dene aku lan kowe iki salah siji oleh pituduh bener, sijine kesasar temenenan
قُلْ لَا تُسْأَلُونَ عَمَّا أَجْرَمْنَا وَلَا نُسْأَلُ عَمَّا تَعْمَلُونَ
SIra dhawuha, "Kowe ora bakal diganggun (tanggung jawab) dening Allah bab kaluputanku. Aku hiya ora bakal didangu prakara kang wis padha kok lakoni

Choose other languages: