Quran Apps in many lanuages:

Surah Muhammad Ayahs #13 Translated in Jawa

ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَرِهُوا مَا أَنْزَلَ اللَّهُ فَأَحْبَطَ أَعْمَالَهُمْ
Anggone mangkono marga anggone sengit marang al-Quran kang didhawuhake Allah, mulane Allah nyirnakake ganjarane
أَفَلَمْ يَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَيَنْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ دَمَّرَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ ۖ وَلِلْكَافِرِينَ أَمْثَالُهَا
Yaene padha ora deleng kahanan ing bumi (nyelidhiki) delok kahanane ummat kuna biyen kang ditumpes marga anggone kafir kapriye kadadeyane kaya mangkono uga
ذَٰلِكَ بِأَنَّ اللَّهَ مَوْلَى الَّذِينَ آمَنُوا وَأَنَّ الْكَافِرِينَ لَا مَوْلَىٰ لَهُمْ
Mulane mangkono, amarga Allah iku pangayome wong mukmin kang paring pitulung, dene wong kafir ora duwe pangayom
إِنَّ اللَّهَ يُدْخِلُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۖ وَالَّذِينَ كَفَرُوا يَتَمَتَّعُونَ وَيَأْكُلُونَ كَمَا تَأْكُلُ الْأَنْعَامُ وَالنَّارُ مَثْوًى لَهُمْ
Allah iku ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik padha diunggahake suwarga kang ana bengawane mili kana sangisore kekayon. Dene si kafir padha bungah - bungah (ing donya) lan padha mangan, anggone mangan kaya kebo sapi. Besuk ana akherat panggonane ana neraka
وَكَأَيِّنْ مِنْ قَرْيَةٍ هِيَ أَشَدُّ قُوَّةً مِنْ قَرْيَتِكَ الَّتِي أَخْرَجَتْكَ أَهْلَكْنَاهُمْ فَلَا نَاصِرَ لَهُمْ
Pira wae akehe wong padesan kang gagah prakosane ngungkuli kuate (saka penduduk) pedesanmu (Makkah) kang wis padha nudhung sira (saka Mekkah) padha Ingsun tumpes lan ora ana kang bisa nulungi dheweke

Choose other languages: