Quran Apps in many lanuages:

Surah Luqman Ayahs #22 Translated in Jawa

وَلَا تُصَعِّرْ خَدَّكَ لِلنَّاسِ وَلَا تَمْشِ فِي الْأَرْضِ مَرَحًا ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ كُلَّ مُخْتَالٍ فَخُورٍ
Lan aja mlengosake pipimu marang manungsa jalaran gumedhe, rupa ngremehake. lan yen lumaku ana ing bumi aja ngembelengan awit Allah ora remen, kang kaya mangkono
وَاقْصِدْ فِي مَشْيِكَ وَاغْضُضْ مِنْ صَوْتِكَ ۚ إِنَّ أَنْكَرَ الْأَصْوَاتِ لَصَوْتُ الْحَمِيرِ
Anggonmu mlaku kang sedhengan, lan yen nyuwara kang alon lan aris. Awit surawa kasar iku kaya suwarane khimar/keledai (elek banget)
أَلَمْ تَرَوْا أَنَّ اللَّهَ سَخَّرَ لَكُمْ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَأَسْبَغَ عَلَيْكُمْ نِعَمَهُ ظَاهِرَةً وَبَاطِنَةً ۗ وَمِنَ النَّاسِ مَنْ يُجَادِلُ فِي اللَّهِ بِغَيْرِ عِلْمٍ وَلَا هُدًى وَلَا كِتَابٍ مُنِيرٍ
(Pangandikane Allah), "He wong kafir, apa ora padha handeleng ing ALlah anggone maringi hising langit marang sira (srengenge, rembulan lan lintang), apa dene isen - isening bumi (segara, hewan, woh - wohan) lan Allah paring kabungahan kang sampurna lahir bathine marang sira. Hewa dene sawenehing wong ana kang madoni bab kahananing Allah, tanpa kaweruh lan tanpa wewaton pituduh rasul, lan tanpa wewaton kitang kang terang
وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ اتَّبِعُوا مَا أَنْزَلَ اللَّهُ قَالُوا بَلْ نَتَّبِعُ مَا وَجَدْنَا عَلَيْهِ آبَاءَنَا ۚ أَوَلَوْ كَانَ الشَّيْطَانُ يَدْعُوهُمْ إِلَىٰ عَذَابِ السَّعِيرِ
Wong kafir mau menawa didhawuhi, "Kowe padha ngestokno dhawuhing Allah". Wangsulane, "Kula kedah ngeluluri semukawis ingkang sampun dipun lampahi para leluhur kula". Pangendikaning Allah, "Apa senajan syetan ngajak mlebu ing neraka Sa’ir
وَمَنْ يُسْلِمْ وَجْهَهُ إِلَى اللَّهِ وَهُوَ مُحْسِنٌ فَقَدِ اسْتَمْسَكَ بِالْعُرْوَةِ الْوُثْقَىٰ ۗ وَإِلَى اللَّهِ عَاقِبَةُ الْأُمُورِ
Sapa ngadhepake awake ngadhepi Allah, sarta nglakoni panggawe becik. Iku wis cekelan tali kukuh lan mitayani. Semu barang prakara iku karampungane ana ngastane Allah

Choose other languages: