Quran Apps in many lanuages:

Surah At-Taghabun Ayahs #4 Translated in Jawa

يُسَبِّحُ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۖ لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ ۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Sekabehane isining langit lan bumi padha nyebut Maha Suci Ing Allah, Allah iku kagungan keraton lan kagungan sakabehing puji. Allah iku nguwasani samu barang
هُوَ الَّذِي خَلَقَكُمْ فَمِنْكُمْ كَافِرٌ وَمِنْكُمْ مُؤْمِنٌ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ
Alah iku kang gawe awakira, ana kang pinesthi kafir lan ana uga kang mukmin. Allah iku mirsani samu barang kang padha sira lakoni
خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ وَصَوَّرَكُمْ فَأَحْسَنَ صُوَرَكُمْ ۖ وَإِلَيْهِ الْمَصِيرُ
Allah gawe langit - langit lan bumi kelawan nyata, lan mangun sarta becikakke rupanira, ing tembe barang - barang iku bali marang Allah
يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَيَعْلَمُ مَا تُسِرُّونَ وَمَا تُعْلِنُونَ ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Allah nguningani isining langit lan bumi, lan nguningani barang kang padha sira umpetake lan sira edheng, Allah iku nguningani sakerenteking ati

Choose other languages: