Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Saff Ayahs #4 Translated in Jawa

سَبَّحَ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۖ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Isine langit lan bumi padha nyebut maha suci ing Allah, Allah iku Maha Mulya tur wicaksana
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفْعَلُونَ
Para mukmin! Ya gene sira padha kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni
كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللَّهِ أَنْ تَقُولُوا مَا لَا تَفْعَلُونَ
Gedhe-gedhening siksa ana ngarsaning allah iku manawa sira kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni
إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الَّذِينَ يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِهِ صَفًّا كَأَنَّهُمْ بُنْيَانٌ مَرْصُوصٌ
Satemene Allah remen marang wong Islam kang padha mangsah perang nglakoni dhalaning Allah, tataning barisan sapsapan kaya pager bata kang santosa

Choose other languages: