Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Saff Ayahs #6 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِمَ تَقُولُونَ مَا لَا تَفْعَلُونَ
Para mukmin! Ya gene sira padha kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni
كَبُرَ مَقْتًا عِنْدَ اللَّهِ أَنْ تَقُولُوا مَا لَا تَفْعَلُونَ
Gedhe-gedhening siksa ana ngarsaning allah iku manawa sira kandha ngelakoni kabecikan kang satemene ora sira lakoni
إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الَّذِينَ يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِهِ صَفًّا كَأَنَّهُمْ بُنْيَانٌ مَرْصُوصٌ
Satemene Allah remen marang wong Islam kang padha mangsah perang nglakoni dhalaning Allah, tataning barisan sapsapan kaya pager bata kang santosa
وَإِذْ قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ يَا قَوْمِ لِمَ تُؤْذُونَنِي وَقَدْ تَعْلَمُونَ أَنِّي رَسُولُ اللَّهِ إِلَيْكُمْ ۖ فَلَمَّا زَاغُوا أَزَاغَ اللَّهُ قُلُوبَهُمْ ۚ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ
(Muhammad) , nyeritakna nalikane Musa pitutur marang ummate, " Para ummatku, ya gene kowe padha nglarakake atiku gene kowe padha nglarakake atiku ing mangka kowe wis padha weruh yen aku iki utusane Allah marang kowe?" Bareng para ummat mau padha puguh nyimpang saka ing bener, Allah ora kersa nuduhake wong kang padha duraka
وَإِذْ قَالَ عِيسَى ابْنُ مَرْيَمَ يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ إِنِّي رَسُولُ اللَّهِ إِلَيْكُمْ مُصَدِّقًا لِمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرَاةِ وَمُبَشِّرًا بِرَسُولٍ يَأْتِي مِنْ بَعْدِي اسْمُهُ أَحْمَدُ ۖ فَلَمَّا جَاءَهُمْ بِالْبَيِّنَاتِ قَالُوا هَٰذَا سِحْرٌ مُبِينٌ
Lan nyaritakna nalika Isa anake Maryam biyen mituturi mangkene, " Para turune Israil, Aku iki utusane Allah marang kowe netepake yen Kitab Taurat kang ana ngarepku lan kitabe para nabi kang kuna - kuna iku temen kabeh bener. Sarta aku memeca ing tembe bakal ana utusane Allah kang jumeneng sapungkurku kang namane Ahmad ( Muhammad) " . Bareng jumeneng kanthi tandha yekti pirang - pirang, wong Bani Israil padha kondha, " Tandha yekti iki cetha sihir

Choose other languages: