Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #10 Translated in Jawa

وَعْدَ اللَّهِ ۖ لَا يُخْلِفُ اللَّهُ وَعْدَهُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Allah wis prasetya (bakal paring pitulung marang wong Rum) ora pisan - pisan mungkiri janji. Hewadene kang akeh padha ora weruh
يَعْلَمُونَ ظَاهِرًا مِنَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَهُمْ عَنِ الْآخِرَةِ هُمْ غَافِلُونَ
Kang dweruhi mung lahire perkara kabungahan donya. Dene marang akherat padha ora mikir
أَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوا فِي أَنْفُسِهِمْ ۗ مَا خَلَقَ اللَّهُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا إِلَّا بِالْحَقِّ وَأَجَلٍ مُسَمًّى ۗ وَإِنَّ كَثِيرًا مِنَ النَّاسِ بِلِقَاءِ رَبِّهِمْ لَكَافِرُونَ
Ya gene padha ora ngerusak - ngerusakake kahananing awake ? Allah anggone gawe bumi lan langit saisine kabeh iku tenanan, nanging akeh faedahe. Naning manungsa iku kang akeh padha maido
أَوَلَمْ يَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَيَنْظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ ۚ كَانُوا أَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً وَأَثَارُوا الْأَرْضَ وَعَمَرُوهَا أَكْثَرَ مِمَّا عَمَرُوهَا وَجَاءَتْهُمْ رُسُلُهُمْ بِالْبَيِّنَاتِ ۖ فَمَا كَانَ اللَّهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلَٰكِنْ كَانُوا أَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ
Ya gene padha ora jajah ing bumi. Mesthi padha weruh patilasan kang akhe, lan kapriye kadadeyane para wong kuna sadurunge wong mahu. Dheweke gagah prakosa (ngungkuli wong saiki) sarta padha ngolah bumi (tetanen) gawe gemah raharjaning negara ngungkuli wong ing zaman saiki. Wusana padha ditekani Rasul - Rasul kelawan keterangan - keterangan (nanging padha wangkot). Dene Allah anggone ngrusak mahu dudu paganiaya, nanging jalaran dheweke ngrusak tata nganiaya marang awake dhewe
ثُمَّ كَانَ عَاقِبَةَ الَّذِينَ أَسَاءُوا السُّوأَىٰ أَنْ كَذَّبُوا بِآيَاتِ اللَّهِ وَكَانُوا بِهَا يَسْتَهْزِئُونَ
Sabanjure neraka iku dianggo matrapi wong kang padha ngelakoni panggawe hala maido al-Qur’an lan anggeguyu

Choose other languages: