Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #43 Translated in Jawa

وَإِنْ مَا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِي نَعِدُهُمْ أَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَإِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلَاغُ وَعَلَيْنَا الْحِسَابُ
Lan Ingsun bakal ameruhaké marang sira sapérangané kang Ingsun ancamaké marang dhèwèké utawa Ingsun agawé patinira, amarga sasangganira iku mung anekakaké ayahan, déné amancasi pétungané iku ana ing Ingsun
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّا نَأْتِي الْأَرْضَ نَنْقُصُهَا مِنْ أَطْرَافِهَا ۚ وَاللَّهُ يَحْكُمُ لَا مُعَقِّبَ لِحُكْمِهِ ۚ وَهُوَ سَرِيعُ الْحِسَابِ
Apa ta padha ora andeleng anggon-Ingsun angrawuhi bumi Ingsun elongi saka tepis-iringé? lan Allah iku amancasi – ora ana kang bisa ambadhal marang pancasan-É, lan Panjenengané iku rikat ing dalem pangétung
وَقَدْ مَكَرَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَلِلَّهِ الْمَكْرُ جَمِيعًا ۖ يَعْلَمُ مَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍ ۗ وَسَيَعْلَمُ الْكُفَّارُ لِمَنْ عُقْبَى الدَّارِ
Lan para ing sadurungé dhèwèké iku temen wis padha andhapuk rancangan, ananging kabèh pangrancang iku ana ing Allah; Panjenengané anguningani apa panggawéné siji- sijining jiwa, lan para kafir bakal weruh, kawusananing padunungan iku bagéané sapa
وَيَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا لَسْتَ مُرْسَلًا ۚ قُلْ كَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ وَمَنْ عِنْدَهُ عِلْمُ الْكِتَابِ
Lan para kang padha kafir padha calathu: Kowé iku dudu utu- san. Calathua: Allah iku wis cukup minangka saksi antarané aku lan kowé lan sapa kang kadunungan kawruh Kitab

Choose other languages: