Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rad Ayahs #20 Translated in Jawa

قُلْ مَنْ رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ قُلِ اللَّهُ ۚ قُلْ أَفَاتَّخَذْتُمْ مِنْ دُونِهِ أَوْلِيَاءَ لَا يَمْلِكُونَ لِأَنْفُسِهِمْ نَفْعًا وَلَا ضَرًّا ۚ قُلْ هَلْ يَسْتَوِي الْأَعْمَىٰ وَالْبَصِيرُ أَمْ هَلْ تَسْتَوِي الظُّلُمَاتُ وَالنُّورُ ۗ أَمْ جَعَلُوا لِلَّهِ شُرَكَاءَ خَلَقُوا كَخَلْقِهِ فَتَشَابَهَ الْخَلْقُ عَلَيْهِمْ ۚ قُلِ اللَّهُ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ وَهُوَ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ
Calathua: Sapa ta Pangéran- ing langit-langit lan bumi? Cala- thua: Allah. Calathua: Lah yagéné kowé padha angalap pangayoman saliyané Panjenengané, kang ora bisa anguwasani marang awaké dhéwé, apa amakolèhi apa amitu- nani? Calathua: Apa padha wong wuta karo wong kang waras pandelengé? Utawa, apa padha pepeteng karo papadhang? Utawa, apa padha angedegaké sekuthon jèjèraning Allah, kang anganakaké titah kaya titah-É mangkono, nganti apa kang tumitah iki dadi kisruh tumrap dhèwèké? Calathua: Allah iku Ingkang-Anitahaké sa- mubarang, lan Panjenengané iku Ingkang Maha-tunggal, Ingkang- Mahawisésa. A
أَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَسَالَتْ أَوْدِيَةٌ بِقَدَرِهَا فَاحْتَمَلَ السَّيْلُ زَبَدًا رَابِيًا ۚ وَمِمَّا يُوقِدُونَ عَلَيْهِ فِي النَّارِ ابْتِغَاءَ حِلْيَةٍ أَوْ مَتَاعٍ زَبَدٌ مِثْلُهُ ۚ كَذَٰلِكَ يَضْرِبُ اللَّهُ الْحَقَّ وَالْبَاطِلَ ۚ فَأَمَّا الزَّبَدُ فَيَذْهَبُ جُفَاءً ۖ وَأَمَّا مَا يَنْفَعُ النَّاسَ فَيَمْكُثُ فِي الْأَرْضِ ۚ كَذَٰلِكَ يَضْرِبُ اللَّهُ الْأَمْثَالَ
Panjenengané anurunaké ba- nyu saka ing méga, banjur jurang- juranging kali padha mili samurwaté, sarta iliné angèlèkaké unthuk kang matumpa-tumpa, lan saka barang kang padha diluluh ing geni, kang pamrihé arep ginawé papaès utawa piranti, metu unthuké, kaya mangkono ; kaya mangkono Allah anggoné adamel sanépa barang yakti lan barang goroh; wondéné si unthuk, lah iku sirna kaya barang kang tanpa aji; déné apa kang migunani marang manu- sa, iku lestari ana ing bumi; kaya mangkono Allah anggoné adamel sanépa
لِلَّذِينَ اسْتَجَابُوا لِرَبِّهِمُ الْحُسْنَىٰ ۚ وَالَّذِينَ لَمْ يَسْتَجِيبُوا لَهُ لَوْ أَنَّ لَهُمْ مَا فِي الْأَرْضِ جَمِيعًا وَمِثْلَهُ مَعَهُ لَافْتَدَوْا بِهِ ۚ أُولَٰئِكَ لَهُمْ سُوءُ الْحِسَابِ وَمَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ وَبِئْسَ الْمِهَادُ
Para kang padha nyandikani marang Pangérané iku padha olèh bagéan becik; lan para kang padha ora anyandikani marang Panjene- ngané, iku saupama padha andar- bènana sabarang kang ana ing bumi kabèh, sarta samono manèh, amasthi iku bakal diulungaké mi- nangka panebus. Iku pétungan ala kang dadi bagéané, sarta naraka padunungané, lan ala palèrènan iku
أَفَمَنْ يَعْلَمُ أَنَّمَا أُنْزِلَ إِلَيْكَ مِنْ رَبِّكَ الْحَقُّ كَمَنْ هُوَ أَعْمَىٰ ۚ إِنَّمَا يَتَذَكَّرُ أُولُو الْأَلْبَابِ
Lah apa ta wong kang weruh manawa apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira iku barang yekti, iku padha karo wong kang wuta? Mung wong kang padha ana akalé kang mikir-mikir
الَّذِينَ يُوفُونَ بِعَهْدِ اللَّهِ وَلَا يَنْقُضُونَ الْمِيثَاقَ
Para kang padha anuhoni janjining Allah, sarta ora medhot sasanggeman

Choose other languages: