Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nisa Ayahs #176 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَكُمْ بُرْهَانٌ مِنْ رَبِّكُمْ وَأَنْزَلْنَا إِلَيْكُمْ نُورًا مُبِينًا
É, para manusa! Sayekti wus tumeka marang sira tandha yekti saka Pangéranira sarta Ingsun wus anurunaké marang sira papa- dhang kang anelahi
فَأَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَاعْتَصَمُوا بِهِ فَسَيُدْخِلُهُمْ فِي رَحْمَةٍ مِنْهُ وَفَضْلٍ وَيَهْدِيهِمْ إِلَيْهِ صِرَاطًا مُسْتَقِيمًا
Ana déné para kang padha angèstu ing Allah sarta agondhèlan ing Panjenengané, amasthi bakal padha dilebokaké ing wilasa tuwin lubèring kadarman saka Panjene- ngané, sarta Panjenengané bakal nuntun dhèwèké ing dadalan kang bener marang Panjenengané
يَسْتَفْتُونَكَ قُلِ اللَّهُ يُفْتِيكُمْ فِي الْكَلَالَةِ ۚ إِنِ امْرُؤٌ هَلَكَ لَيْسَ لَهُ وَلَدٌ وَلَهُ أُخْتٌ فَلَهَا نِصْفُ مَا تَرَكَ ۚ وَهُوَ يَرِثُهَا إِنْ لَمْ يَكُنْ لَهَا وَلَدٌ ۚ فَإِنْ كَانَتَا اثْنَتَيْنِ فَلَهُمَا الثُّلُثَانِ مِمَّا تَرَكَ ۚ وَإِنْ كَانُوا إِخْوَةً رِجَالًا وَنِسَاءً فَلِلذَّكَرِ مِثْلُ حَظِّ الْأُنْثَيَيْنِ ۗ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ أَنْ تَضِلُّوا ۗ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ
Dhèwèké padha anerang marang sira putusaning angger. Dhawuha: Allah aparing putusan marang sira prakara wong kang ora duwé bapa biyung sapandhuwur sarta anak sapangisor; manawa ana wong mati ora duwé anak lanang lan duwé sadulur wadon siji, iki olèh saparo- ning barang tinggalan, lan sadulur lanang bakal ngukup warisané sadulur wadon manawa sadulur wadon iki ora duwé anak lanang; ananging manawa sadulur wadon mau loro, iki olèh bagéan rong prateloné barang tinggalan; lan manawa sadulur mau ana lanang wadon, lah pandumaning lanang siji padhané bagéaning wadon lo- ro; Allah anerangaké marang sira, supaya sira aja padha sasar, lan Allah iku Anguningani samubarang

Choose other languages: