Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #88 Translated in Jawa

حَتَّىٰ إِذَا جَاءُوا قَالَ أَكَذَّبْتُمْ بِآيَاتِي وَلَمْ تُحِيطُوا بِهَا عِلْمًا أَمَّاذَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Bareng wis teka nglumpuk kabeh, Allah paring pangandika, "Ya gene sira padha wani - wani maido marang ayatingsun, tanpa sira pikir, sira ora sumurp katerangane apa bener, apa luput. Saiki endi perintah ingsun kang padha sira tindakake
وَوَقَعَ الْقَوْلُ عَلَيْهِمْ بِمَا ظَلَمُوا فَهُمْ لَا يَنْطِقُونَ
Ing kono dhawuhe Allah nemtokake siksane tumeka marang wong kafir mau, amarga anggone tumindak duraka kafir, dadi kabeh banjur padha ora bisa ngucap sakecap - sakecapa
أَلَمْ يَرَوْا أَنَّا جَعَلْنَا اللَّيْلَ لِيَسْكُنُوا فِيهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ
Yagene padha ora andeleng anggoningsun nitahake wengi kanggo wayahe wong padha leren, sarta nitahake rina kanggo wayahe wong melek andeleng barang - barang? kang mengkono iku dadi tandha yekti sampurnane kuwasaningsun tumrap kaum kang padha iman
وَيَوْمَ يُنْفَخُ فِي الصُّورِ فَفَزِعَ مَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَمَنْ فِي الْأَرْضِ إِلَّا مَنْ شَاءَ اللَّهُ ۚ وَكُلٌّ أَتَوْهُ دَاخِرِينَ
Nalinake (malaikat Israfil) andamu sempronge (slomprete), ing kono saisining langit lan bumi padha giris kabeh, mung sapa kang diparengake dening Allah , iku ora wedi. Kabeh mau (bareng wis padha ditangekake saka ing pati) banjur padha sowan ana ing ngarsane Allah, sarta padha cilik atine
وَتَرَى الْجِبَالَ تَحْسَبُهَا جَامِدَةً وَهِيَ تَمُرُّ مَرَّ السَّحَابِ ۚ صُنْعَ اللَّهِ الَّذِي أَتْقَنَ كُلَّ شَيْءٍ ۚ إِنَّهُ خَبِيرٌ بِمَا تَفْعَلُونَ
Nalika iku sira sumurp gunung saking dening gedhene, dikira meneng bae, nanging satemene mlaku rikat, kaya lakune mega ginawa ing angin. Kang mangkono iku pandamele Allah kang nindakake kabeh barang sarwa sampurna. Satemeen Allah iku Maha waspadha marang barang kang sira tindakake

Choose other languages: