Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Naml Ayahs #38 Translated in Jawa

قَالَتْ إِنَّ الْمُلُوكَ إِذَا دَخَلُوا قَرْيَةً أَفْسَدُوهَا وَجَعَلُوا أَعِزَّةَ أَهْلِهَا أَذِلَّةً ۖ وَكَذَٰلِكَ يَفْعَلُونَ
(Sang ratu Bilqis) dhawuh, "Para ratu iku menawa nglurug, nganti mlebu ing negara, mesthi ngrusakake negara, sarta panggedhene negara kono padha digawe asor, wis mengkono iku pengadate tindake para ratu
وَإِنِّي مُرْسِلَةٌ إِلَيْهِمْ بِهَدِيَّةٍ فَنَاظِرَةٌ بِمَ يَرْجِعُ الْمُرْسَلُونَ
Saiki kersaningsun mengkene, Ingsun utusan arep nyahosi pisungsung marang Sulaiman, lan ingsun ngenteni sabaline utusan mau. (kepriye mungguh keterangan pisungsung mau apa ditampik apa ditampa)
فَلَمَّا جَاءَ سُلَيْمَانَ قَالَ أَتُمِدُّونَنِ بِمَالٍ فَمَا آتَانِيَ اللَّهُ خَيْرٌ مِمَّا آتَاكُمْ بَلْ أَنْتُمْ بِهَدِيَّتِكُمْ تَفْرَحُونَ
(Manuk mau bareng wis sumurup mangkate utusan, banjur miber mulih, nyahosi pirsa marang Sulaiman). Bareng utusane sang ratu Bilqis wis sowan ing Sulaiman, nyahosake pisungsung, Sulaiman dhawuh, "Yagene gustinira teka kudu ngurugi bandha marang ingsun? (iku dudu kersaningsun). Gustinira mesthi gedhe atine dene bisa ngurugi bandha, sumurupa, peparinge Allah marang Ingsun luwih becik lan luwih akeh, ngungkuli pisungsunge gustinira tikel pirang - pirang
ارْجِعْ إِلَيْهِمْ فَلَنَأْتِيَنَّهُمْ بِجُنُودٍ لَا قِبَلَ لَهُمْ بِهَا وَلَنُخْرِجَنَّهُمْ مِنْهَا أَذِلَّةً وَهُمْ صَاغِرُونَ
Sira muliha, (lan matura marang gustimu menawa kesuwen anggone sowan perlu mlebu agama Islam) mesthi ingsun lurugi wadyabala kang tanpa wilangan. Dene gustinira lan wong saisine negara ing Sabaa’ bakal ingsun tundhungi lan ingsun siya - siya. Para panggedhe ingsun copoti dadi wong cilik. (Satemene Utusan ing Sabaa’ ngaturake oleh - oleh anggone diutus, sang ratu Bilqis banjur dandan mangkat sowan marang Nabi Sulaiman)
قَالَ يَا أَيُّهَا الْمَلَأُ أَيُّكُمْ يَأْتِينِي بِعَرْشِهَا قَبْلَ أَنْ يَأْتُونِي مُسْلِمِينَ
(Sapungkure utusan ing Sabaa’) Sulaiman dhawuh, "He para kawulaningsun, apa sira bisa anjupuk singgasanane mrene, sadurunge deweke teka mrene, kelawan sumarah mlebu agama Islam

Choose other languages: