Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Najm Ayahs #31 Translated in Jawa

إِنَّ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ لَيُسَمُّونَ الْمَلَائِكَةَ تَسْمِيَةَ الْأُنْثَىٰ
Satemene wong kang ora ngandel bakal anane akherat padha ngarane yen Malaikat iku putrane Allah putri
وَمَا لَهُمْ بِهِ مِنْ عِلْمٍ ۖ إِنْ يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ ۖ وَإِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِي مِنَ الْحَقِّ شَيْئًا
Lan dheweke ora duweni kaweruh bab mau, mung saka panyanane wae, kang mangka panyana iku ora bisa nyirnakake kang temen sithik wae
فَأَعْرِضْ عَنْ مَنْ تَوَلَّىٰ عَنْ ذِكْرِنَا وَلَمْ يُرِدْ إِلَّا الْحَيَاةَ الدُّنْيَا
Mulane padha mlengosa marang wong kang gorohake al-QuranKu kang mung golek kabungahan ing donya
ذَٰلِكَ مَبْلَغُهُمْ مِنَ الْعِلْمِ ۚ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِمَنْ ضَلَّ عَنْ سَبِيلِهِ وَهُوَ أَعْلَمُ بِمَنِ اهْتَدَىٰ
Hiya iku saka katoge kaweruhe. Satemene Allah nguningani wong kang nyimpang saka dalaning Allah, lan uga nguningani wong kang ngambah pituduh bener
وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ لِيَجْزِيَ الَّذِينَ أَسَاءُوا بِمَا عَمِلُوا وَيَجْزِيَ الَّذِينَ أَحْسَنُوا بِالْحُسْنَى
Isine bumi lan langit iku kagungane Allah, kang bakal matrapi kang lakune hala sarta ganjar wong kang tumindak panggawe becik

Choose other languages: