Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #80 Translated in Jawa

وَضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا رَجُلَيْنِ أَحَدُهُمَا أَبْكَمُ لَا يَقْدِرُ عَلَىٰ شَيْءٍ وَهُوَ كَلٌّ عَلَىٰ مَوْلَاهُ أَيْنَمَا يُوَجِّهْهُ لَا يَأْتِ بِخَيْرٍ ۖ هَلْ يَسْتَوِي هُوَ وَمَنْ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ ۙ وَهُوَ عَلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Lan Allah agawé pipindhan wong lanang loro: kang siji bisu, ora bisa apa-apa lan dhèwèké dadi gawéning bandarané; dhèwèké dikongkon menyang ngendia baé, ora ngolèhaké becik; apa ta kena dianggep padha dhèwèké iku karo wong kang maréntahaké prakara kang ngadil sarta awaké manggon ing dalan kang bener
وَلِلَّهِ غَيْبُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَمَا أَمْرُ السَّاعَةِ إِلَّا كَلَمْحِ الْبَصَرِ أَوْ هُوَ أَقْرَبُ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Lan kagunganing Allah sa- sandining langit-langit lan bumi iku; wondéné prakara wayahé, iku mung prasasat kumedhèping mri- pat, utawa luwih cedhak; sayekti Allah iku marang samubarang kawasa
وَاللَّهُ أَخْرَجَكُمْ مِنْ بُطُونِ أُمَّهَاتِكُمْ لَا تَعْلَمُونَ شَيْئًا وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْأَبْصَارَ وَالْأَفْئِدَةَ ۙ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Lan Allah iku anglairaké sira saka ing guwagarbaning para biyungira – sira ora weruh barang- barang – sarta Panjenengané mari- ngi pangrungu lan pandeleng apa déné ati marang sira, supaya sira padha atur panuwun
أَلَمْ يَرَوْا إِلَى الطَّيْرِ مُسَخَّرَاتٍ فِي جَوِّ السَّمَاءِ مَا يُمْسِكُهُنَّ إِلَّا اللَّهُ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ
Apa padha ora andeleng ma- rang manuk kang katetep ana ing tengahing awang-awang? Iku ora ana kang bisa nahan kajaba Allah; sayekti, ing kono iku ana tandha- tandha tumrap wong kang padha angèstu
وَاللَّهُ جَعَلَ لَكُمْ مِنْ بُيُوتِكُمْ سَكَنًا وَجَعَلَ لَكُمْ مِنْ جُلُودِ الْأَنْعَامِ بُيُوتًا تَسْتَخِفُّونَهَا يَوْمَ ظَعْنِكُمْ وَيَوْمَ إِقَامَتِكُمْ ۙ وَمِنْ أَصْوَافِهَا وَأَوْبَارِهَا وَأَشْعَارِهَا أَثَاثًا وَمَتَاعًا إِلَىٰ حِينٍ
Lan Allah wus andadékaké omah-omahira minangka padunu- ngan tumrap ing sira sarta andadèkaké walulanging raja-kaya minangka omah tumrap ing sira, kang ènthèng gawan-gawanané ing dina lunganira lan ing dina lèrè- nira, apa déné wuluné lan wuluné lembut sarta rambuté minangka re- rengganing omah tuwin pasadhi- yan sawatara mangsa

Choose other languages: