Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #7 Translated in Jawa

خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ ۚ تَعَالَىٰ عَمَّا يُشْرِكُونَ
Panjenengané wus anitahaké langit-langit lan bumi kalawan yakti, mahaluhur Panjenengané adoh saka apa kang padha di- sakuthokaké
خَلَقَ الْإِنْسَانَ مِنْ نُطْفَةٍ فَإِذَا هُوَ خَصِيمٌ مُبِينٌ
Panjenengané wus anitahaké manusa saka banyu wijining urip, A lah satemah dhèwèké iku dadi tukang madoni kang ngeblak
وَالْأَنْعَامَ خَلَقَهَا ۗ لَكُمْ فِيهَا دِفْءٌ وَمَنَافِعُ وَمِنْهَا تَأْكُلُونَ
Apa déné rajakaya, iku Panje- nengané anggoné anitahaké, tu- mrap marang sira; ing kono sira olèh sandhangan anget sarta pirang-pirang paédah apa déné ana kang sira pangan
وَلَكُمْ فِيهَا جَمَالٌ حِينَ تُرِيحُونَ وَحِينَ تَسْرَحُونَ
Lan ing kono sira olèh kase- nengan nalikané padha sira giring sarta nalikané sira uculaké
وَتَحْمِلُ أَثْقَالَكُمْ إِلَىٰ بَلَدٍ لَمْ تَكُونُوا بَالِغِيهِ إِلَّا بِشِقِّ الْأَنْفُسِ ۚ إِنَّ رَبَّكُمْ لَرَءُوفٌ رَحِيمٌ
Apa déné anggawakaké gaga- wanira kang abot marang nagara- nagara, kang ora bisa sira padha tumeka mrono kajaba kalawan rekasaning jiwa; sayekti Pangé- ranira iku Mahawelas, Mahaasih

Choose other languages: