Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #31 Translated in Jawa

ثُمَّ يَوْمَ الْقِيَامَةِ يُخْزِيهِمْ وَيَقُولُ أَيْنَ شُرَكَائِيَ الَّذِينَ كُنْتُمْ تُشَاقُّونَ فِيهِمْ ۚ قَالَ الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ إِنَّ الْخِزْيَ الْيَوْمَ وَالسُّوءَ عَلَى الْكَافِرِينَ
Tumuli ing dina kiyamat Pan- jenengané angasoraké dhèwèké sarta angandika: Endi sekuthon Ingsun, kang padha dadi karanané sira padha mungsuhi? Para kang padha sinungan kawruh acalathu: Sayekti, ing dina iki asor lan ala tumiba marang para kafir
الَّذِينَ تَتَوَفَّاهُمُ الْمَلَائِكَةُ ظَالِمِي أَنْفُسِهِمْ ۖ فَأَلْقَوُا السَّلَمَ مَا كُنَّا نَعْمَلُ مِنْ سُوءٍ ۚ بَلَىٰ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ
Para kang padha digawé mati déning para malaikat, padha atin- dak dudu marang awaké dhéwé. Tumuli padha angaturaké suma- rah: Kawula boten naté ang- lampahi awon. O, lah, sayekti Allah iku angudanèni marang apa kang padha sira lakoni
فَادْخُلُوا أَبْوَابَ جَهَنَّمَ خَالِدِينَ فِيهَا ۖ فَلَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِينَ
Mulané padha malebua kori- korining naraka, padha manggon ing kono; lah temen ala padunu- ngané para gumedhé iku
وَقِيلَ لِلَّذِينَ اتَّقَوْا مَاذَا أَنْزَلَ رَبُّكُمْ ۚ قَالُوا خَيْرًا ۗ لِلَّذِينَ أَحْسَنُوا فِي هَٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةٌ ۚ وَلَدَارُ الْآخِرَةِ خَيْرٌ ۚ وَلَنِعْمَ دَارُ الْمُتَّقِينَ
Lan dipangandikakaké marang para kang padha prayitna : Pangéranira wus andhawuh- aké apa? Padha calathu: Kasaénan. Para kang padha agawé becik ana ing donya iki olèh kabecikan, lan temen, padunungan ing akhirat iku luwih becik; lan temen pinunjul banget padunungané para kang padha prayitna
جَنَّاتُ عَدْنٍ يَدْخُلُونَهَا تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ۖ لَهُمْ فِيهَا مَا يَشَاءُونَ ۚ كَذَٰلِكَ يَجْزِي اللَّهُ الْمُتَّقِينَ
Patamanan kalanggengan, dhè- wèké bakal padha malebu mrono, kali-kaliné padha mili ing jeroné; ana ing kono bakal padha olèh apa kang dikarepaké. Kaya mangkono iku pangganjaré Allah marang para kang padha prayitna

Choose other languages: