Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #118 Translated in Jawa

فَكُلُوا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ حَلَالًا طَيِّبًا وَاشْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ إِنْ كُنْتُمْ إِيَّاهُ تَعْبُدُونَ
Mulané padha mangana rejeki paparingé Allah marang sira, kang dikenakaké, kang becik, sarta padha atura panuwun marang nugrahaning Allah, manawa sira padha ngawulani Panjenengané
إِنَّمَا حَرَّمَ عَلَيْكُمُ الْمَيْتَةَ وَالدَّمَ وَلَحْمَ الْخِنْزِيرِ وَمَا أُهِلَّ لِغَيْرِ اللَّهِ بِهِ ۖ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَلَا عَادٍ فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمٌ
Panjenengané mung angla- rangi bathang tumrapé sira, lan getih sarta daging cèlèng apa déné sabarang kang kalawan anyebut saliyané Allaha, ananging sapa sing kepèpèd, ora karana kapéngin, lan ora angliwati wates,b lah sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih
وَلَا تَقُولُوا لِمَا تَصِفُ أَلْسِنَتُكُمُ الْكَذِبَ هَٰذَا حَلَالٌ وَهَٰذَا حَرَامٌ لِتَفْتَرُوا عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُونَ
Lan aja padha anyalathok- aké goroh karana sapangucapé lisanira, : Iki kena lan iki ora kena, pamrihé padha agawé-gawé goroh tumrap Allah; sayekti, para kang padha agawé- gawé goroh tumrap marang Allah, ora bakal begja
مَتَاعٌ قَلِيلٌ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Kabungahan sathithik, lan dhèwèké bakal olèh siksa kang nglarani
وَعَلَى الَّذِينَ هَادُوا حَرَّمْنَا مَا قَصَصْنَا عَلَيْكَ مِنْ قَبْلُ ۖ وَمَا ظَلَمْنَاهُمْ وَلَٰكِنْ كَانُوا أَنْفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ
Lan tumrap para kang padha Yahudi Ingsun anglarangi apa kang wus Ingsun caritakaké marang sira ing biyèna, lan Ingsun ora anganiaya dhèwèké, ananging dhèwèké kang padha anganiaya awaké dhéwé

Choose other languages: