Quran Apps in many lanuages:

Surah An-Nahl Ayahs #109 Translated in Jawa

إِنَّمَا يَفْتَرِي الْكَذِبَ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْكَاذِبُونَ
Mung para kang padha ora angèstu ing timbalan-timbalaning Allah kang agawé-gawé goroh, lan dhèwèké iku padha wong goroh
مَنْ كَفَرَ بِاللَّهِ مِنْ بَعْدِ إِيمَانِهِ إِلَّا مَنْ أُكْرِهَ وَقَلْبُهُ مُطْمَئِنٌّ بِالْإِيمَانِ وَلَٰكِنْ مَنْ شَرَحَ بِالْكُفْرِ صَدْرًا فَعَلَيْهِمْ غَضَبٌ مِنَ اللَّهِ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ
Sapa sing kafir ing Allah sawisé iman, dudu kang pineksa kang sarta atiné anteng karana iman, ananging wong kang ame- ngani dhadha ing kakafiran lah iki kang padha katiban be- bendu saka ing Allah, sarta bakal olèh siksa kang gedhé
ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمُ اسْتَحَبُّوا الْحَيَاةَ الدُّنْيَا عَلَى الْآخِرَةِ وَأَنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْكَافِرِينَ
Mangkono iku amarga saka anggoné padha dhemen kauripan donya angungkuli akhirat, sarta amarga Allah iku ora anuntun wong kang padha kafir
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ طَبَعَ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ وَسَمْعِهِمْ وَأَبْصَارِهِمْ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ
Iki para kang padha wus diecap déning Allah ati-atiné lan pangrunguné sarta pandeleng- pandelengé, lan iki wong kang padha léna
لَا جَرَمَ أَنَّهُمْ فِي الْآخِرَةِ هُمُ الْخَاسِرُونَ
Wis ora kena ora, ana ing akhirat dhèwèké iku wong kang padha kapitunan

Choose other languages: