Surah Al-Qasas Ayahs #59 Translated in Jawa
وَإِذَا سَمِعُوا اللَّغْوَ أَعْرَضُوا عَنْهُ وَقَالُوا لَنَا أَعْمَالُنَا وَلَكُمْ أَعْمَالُكُمْ سَلَامٌ عَلَيْكُمْ لَا نَبْتَغِي الْجَاهِلِينَ
(Lan maneh wong mau) Menawa krungu tetembungan ala saka wong kafir, pisah sepadhane, padha mlengos, pangucape, "Tindakingsung bakal manfa’ati marang ingsun dhewe, dene tindakira, kadadeyane iya bakal bali marang awakira dhewe. Ingsun lan sira andum selamet bae, ingsun ora gelem kekancan karo wong bodho (ora sumurup marang agama kang bener)
إِنَّكَ لَا تَهْدِي مَنْ أَحْبَبْتَ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يَهْدِي مَنْ يَشَاءُ ۚ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ
(Muhammad) sira mangsa bisaha nuduhake dalan keselamatan marang wong kang sira tresnane, nanging Allah kang kuwasa paring pitedah dalan keselametan marang wong kang dadi keparang kersane. Allah luwih nguningani marang wong kang pinaringan pitedah
وَقَالُوا إِنْ نَتَّبِعِ الْهُدَىٰ مَعَكَ نُتَخَطَّفْ مِنْ أَرْضِنَا ۚ أَوَلَمْ نُمَكِّنْ لَهُمْ حَرَمًا آمِنًا يُجْبَىٰ إِلَيْهِ ثَمَرَاتُ كُلِّ شَيْءٍ رِزْقًا مِنْ لَدُنَّا وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ
Wong mau (iya iku turune wong Quraisy) padha ngucap, "Menawi kita manut pitedahipun agama Islam kaliyan panjenengan, kita kuwatos, bade dipun usir saking negari punika", (Pangandikane Allah), "(Wong - wong Quraisy) apa ora wis Ingsun wenangake manggon ana ing Mekkah bumi suci kelawan tentrem, ora ana pangaru-biru, pirang - pirang woh - wohan kang warna-warna minangka peparingingsun rejeki? ewadene wong - wong mau kang akeh padha ora sumurup
وَكَمْ أَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ بَطِرَتْ مَعِيشَتَهَا ۖ فَتِلْكَ مَسَاكِنُهُمْ لَمْ تُسْكَنْ مِنْ بَعْدِهِمْ إِلَّا قَلِيلًا ۖ وَكُنَّا نَحْنُ الْوَارِثِينَ
Pira bae kehe kutho kang padha mubra -mubru panguripane, babar pisan ora gelem syukur marang Allah, kang wus Ingsun rusak. Dene petilasane seprene Isih. Sapungkure wong mau, ora ana wong kang gelem manggon ing kono, kajaba mung (kaggo palerenane wong mlaku) sawatara suwene. Lan Ingsun kang dadi waris
وَمَا كَانَ رَبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرَىٰ حَتَّىٰ يَبْعَثَ فِي أُمِّهَا رَسُولًا يَتْلُو عَلَيْهِمْ آيَاتِنَا ۚ وَمَا كُنَّا مُهْلِكِي الْقُرَىٰ إِلَّا وَأَهْلُهَا ظَالِمُونَ
Pangeranira ora kersa numpes wong ing kutho - kutho marga saka dosane, kajaba menawa wis ngutus rasul ana ing pusating kutho mau, ngratakake dhawuhingsun marang wong - wong ing kono, kang mangka wong ing kono ora perduli. Ingsun ora kersa numpes wong kutho - kutho kejaba menawa ong ing kono padha duraka
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
