Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qasas Ayahs #8 Translated in Jawa

إِنَّ فِرْعَوْنَ عَلَا فِي الْأَرْضِ وَجَعَلَ أَهْلَهَا شِيَعًا يَسْتَضْعِفُ طَائِفَةً مِنْهُمْ يُذَبِّحُ أَبْنَاءَهُمْ وَيَسْتَحْيِي نِسَاءَهُمْ ۚ إِنَّهُ كَانَ مِنَ الْمُفْسِدِينَ
Satemene Fir’aun iku kumaluhur ana ing bumi (kabeh wong ora kena ngukuhi nyawane dhewe, pati uripe gumantung sakarepe Fir’aun). Wong ing negara kono digawe rong werna, kang sagolongan (bangsa Qibthi), iku bangsa luhur, kang sagolongan maneh (bangsa Israil), iku bangsa asor. (Dhek samana ana juru nujum memeca menawa ing Mesir bakal ana bayi lahir metu lanang, iku ing tembe bakal nyirnakake keratone Fir’aun). Dhewe banjur dhawuh belehi bari kang lahir metu lanang, dene kang wadon padha diuripi. Fir’aun iku klebu wong kang gawe kerusakan ana ing bumi
وَنُرِيدُ أَنْ نَمُنَّ عَلَى الَّذِينَ اسْتُضْعِفُوا فِي الْأَرْضِ وَنَجْعَلَهُمْ أَئِمَّةً وَنَجْعَلَهُمُ الْوَارِثِينَ
Lan Ingsun kepareng nulungi (bangsa Bani Israil) kang digawe asor lan kalah ana ing bumi (Mesir). Ingsun dadekake ahli wari, lan padha pikantuk panduman padha dhadi pemimpin
وَنُمَكِّنَ لَهُمْ فِي الْأَرْضِ وَنُرِيَ فِرْعَوْنَ وَهَامَانَ وَجُنُودَهُمَا مِنْهُمْ مَا كَانُوا يَحْذَرُونَ
Ingsun netepake (nglulusake) dheweke (Fir’aun sawadya-balane) manggon ana ing bumi(Mesir). Wusana Fir’aun lan patihe aran Haman, sarta wadyabalane padha Ingsun paringi pirsa barang kang maune dikuwatirake, (yaiku pemetheke para juru nujum, ing tembe bakal ana bocak kang bakal nyirnakake Kratone Fir’aun)
وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ أُمِّ مُوسَىٰ أَنْ أَرْضِعِيهِ ۖ فَإِذَا خِفْتِ عَلَيْهِ فَأَلْقِيهِ فِي الْيَمِّ وَلَا تَخَافِي وَلَا تَحْزَنِي ۖ إِنَّا رَادُّوهُ إِلَيْكِ وَجَاعِلُوهُ مِنَ الْمُرْسَلِينَ
Ingsun andhawuhi (parnig wahyu) marang ibune Musa, "Sira nesepana putranira. Manawa kuwatir anggonira rumeksa putranira, wadhahana ing pethi banjur kelekna ing bengawan (Nil) bae. AJa kuwatir lan susah. Ing tembe Ingsun balekake marang sira, sarta putranira mau bakal Ingsun angkat dadi Utusaningsun
فَالْتَقَطَهُ آلُ فِرْعَوْنَ لِيَكُونَ لَهُمْ عَدُوًّا وَحَزَنًا ۗ إِنَّ فِرْعَوْنَ وَهَامَانَ وَجُنُودَهُمَا كَانُوا خَاطِئِينَ
(Bareng dheweke) wis dikelekake ing bengawan Nil, banjur ditemu dening, pramaisurine Fir’aun Nanging wekasane, dadi satru nusahake Fir’aun sawadhayabalane. Satemene Fir’aun lan Haman sawadyabalane mau padha duraka

Choose other languages: