Surah Al-Qasas Ayahs #33 Translated in Jawa
فَلَمَّا قَضَىٰ مُوسَى الْأَجَلَ وَسَارَ بِأَهْلِهِ آنَسَ مِنْ جَانِبِ الطُّورِ نَارًا قَالَ لِأَهْلِهِ امْكُثُوا إِنِّي آنَسْتُ نَارًا لَعَلِّي آتِيكُمْ مِنْهَا بِخَبَرٍ أَوْ جَذْوَةٍ مِنَ النَّارِ لَعَلَّكُمْ تَصْطَلُونَ
Bareng Musa anggone nglakoni dadi pangon wis pundhat wewangene, (banjur dihaupake karo putrane Nabi Syu’aib kang anom, aran Shufairaa’. bareng wis antara lawas) Musa mangkat mulih (menyang negara Mesir) sarimbit karo garwane. Kocapa ana ing dalan ing wayah wengi kang peteng Musa sumurup ing gunung Thursina ana geni murup. Banjur ngendika marang garwane, "Sira ana ing kene bae, ingsun arep marani geni kae, bokmenawa baliningsun pikantuk pitedah lan utawa bisa naggawa obor, supaya kena sira enggo api - api
فَلَمَّا أَتَاهَا نُودِيَ مِنْ شَاطِئِ الْوَادِ الْأَيْمَنِ فِي الْبُقْعَةِ الْمُبَارَكَةِ مِنَ الشَّجَرَةِ أَنْ يَا مُوسَىٰ إِنِّي أَنَا اللَّهُ رَبُّ الْعَالَمِينَ
Bareng wis tekan ing panggonane geni, katerangane kang murub mau kekayon ijo lan seger, ana ing palemahan kang binerkahan dening Allah, sapernah pinggir tengene Musa, ing kono tampa dhawuh, pangandikane, "He Musa satemene Ingsun iki Allah Pangeranira ngalam kabeh
وَأَنْ أَلْقِ عَصَاكَ ۖ فَلَمَّا رَآهَا تَهْتَزُّ كَأَنَّهَا جَانٌّ وَلَّىٰ مُدْبِرًا وَلَمْ يُعَقِّبْ ۚ يَا مُوسَىٰ أَقْبِلْ وَلَا تَخَفْ ۖ إِنَّكَ مِنَ الْآمِنِينَ
Musa, tekenira iku sira uncalna", Musa banjur nguncalake tekene, sanalika tekene mau dadi ula gedhe. Bareng Musa sumurup, banjur mungkur mlayu ora noleh. Musa nuli di timbali dening Allah, "He Musa, sira amadhepa lan aja wedi, satemene sira bakal disentosake, ora kena pialane ula
اسْلُكْ يَدَكَ فِي جَيْبِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاءَ مِنْ غَيْرِ سُوءٍ وَاضْمُمْ إِلَيْكَ جَنَاحَكَ مِنَ الرَّهْبِ ۖ فَذَانِكَ بُرْهَانَانِ مِنْ رَبِّكَ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمًا فَاسِقِينَ
Tangan sira lebokna ing dhadhanira, nuli sira wetokna". (Musa banjur nglebokaka tangane ing dhadhane bareng diwetokake), bakal putih warnane, tanpa cacad. Lan sira rapetna tanganira, jalaran saka wedi mesthi bali kaya maune". Loro iku padha tandha yekti saka Allah Pangeranira, kanggo wewaton nerang - nerangake marang Fir’aun dalah para kaume) awit kabeh iku padha duraka lan kafir
قَالَ رَبِّ إِنِّي قَتَلْتُ مِنْهُمْ نَفْسًا فَأَخَافُ أَنْ يَقْتُلُونِ
Musa munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika sampun mejahi (tiyang Qibthi), panungilanipun wadyabalanipun Fir’aun, mila kawula kuwatos menawi Fir’aun lajeng mejahi dhateng kawula
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
