Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qamar Ayahs #48 Translated in Jawa

أَمْ يَقُولُونَ نَحْنُ جَمِيعٌ مُنْتَصِرٌ
Utawa dheweke (wong kafir) padha kondo, "Aku iku kumpulan kang ditulungi Allah
سَيُهْزَمُ الْجَمْعُ وَيُوَلُّونَ الدُّبُرَ
Ing tembe pakumpulane (wong Mekkah) keplayu, wonge padha lumayu sasaran (mundhur)
بَلِ السَّاعَةُ مَوْعِدُهُمْ وَالسَّاعَةُ أَدْهَىٰ وَأَمَرُّ
Besuk Qiyamat bakal kelakone pangancam marang wong kafir siksane bebayani banget
إِنَّ الْمُجْرِمِينَ فِي ضَلَالٍ وَسُعُرٍ
Satemene wong sing padha dosa ana donya nandhang siksa lan bakal dicemplungake neraka
يَوْمَ يُسْحَبُونَ فِي النَّارِ عَلَىٰ وُجُوهِهِمْ ذُوقُوا مَسَّ سَقَرَ
Yaiku nalikane dheweke digeret nyang neraka marang rahi - rahine. Pangandikane Allah, "Padha ngrasakna tumindake siksa neraka Saqor

Choose other languages: