Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Qamar Ayahs #15 Translated in Jawa

فَفَتَحْنَا أَبْوَابَ السَّمَاءِ بِمَاءٍ مُنْهَمِرٍ
Ingsun (Allah) banjur bukak lawanging langit nuli metu banyu kang sok - sokan
وَفَجَّرْنَا الْأَرْضَ عُيُونًا فَالْتَقَى الْمَاءُ عَلَىٰ أَمْرٍ قَدْ قُدِرَ
Apadene bumi Ingsun kersakake ngetokake tuk banyu tanpa wilangan banjur tempuk banyu saka dhuwur lan banyu saka ngisor netepi perintah kang pinasthi
وَحَمَلْنَاهُ عَلَىٰ ذَاتِ أَلْوَاحٍ وَدُسُرٍ
Nuh sakancane Ingsun tunggangake perahu kang ginawe saka blabag nganggo dipaku
تَجْرِي بِأَعْيُنِنَا جَزَاءً لِمَنْ كَانَ كُفِرَ
Mlaku ana ing ngarsaningsun, ganjarane Allah pitulung marang Nuh kang dipaido umate
وَلَقَدْ تَرَكْنَاهَا آيَةً فَهَلْ مِنْ مُدَّكِرٍ
Perahu mau dilestarekake nganti lawas minangka tandha yekti, mulane wong kang keri padha elinga lelakon mau

Choose other languages: