Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Muzzammil Ayahs #15 Translated in Jawa

وَذَرْنِي وَالْمُكَذِّبِينَ أُولِي النَّعْمَةِ وَمَهِّلْهُمْ قَلِيلًا
Lan Ingsun togna wae, mangkana uga wongkang anggorohake kang sarwa mubra - mubru (kecukupan) togna wae sedhela
إِنَّ لَدَيْنَا أَنْكَالًا وَجَحِيمًا
Satemene Ingsun kagungan dhadhung kang santosa lan kagungan neraka jahanam
وَطَعَامًا ذَا غُصَّةٍ وَعَذَابًا أَلِيمًا
Sarta kagungan pepanganan kang nglalekake lan siksa kang nglarani
يَوْمَ تَرْجُفُ الْأَرْضُ وَالْجِبَالُ وَكَانَتِ الْجِبَالُ كَثِيبًا مَهِيلًا
Kelakone kang mangkono mau ing dinane bumi lan gunung - gunung gonjang - ganjing, gunung - gunung padha dadi wedhi kang mawur - mawur
إِنَّا أَرْسَلْنَا إِلَيْكُمْ رَسُولًا شَاهِدًا عَلَيْكُمْ كَمَا أَرْسَلْنَا إِلَىٰ فِرْعَوْنَ رَسُولًا
Ingsun wis ngutus rasul nerangkae marang sira bakal anggoningsun ngutus rasul marang Fir’aun

Choose other languages: