Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mumenoon Ayahs #76 Translated in Jawa

أَمْ تَسْأَلُهُمْ خَرْجًا فَخَرَاجُ رَبِّكَ خَيْرٌ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الرَّازِقِينَ
Utawa apa anggonira andhawuhake al-Qur’an iki sira nganggo anjaluk pituwas marang wong kafir, sumurupa ganjaran pangeranira iku luweih becik. Dene Allah iku becik - becike dzat kang paring rejeki (paring ganjaran)
وَإِنَّكَ لَتَدْعُوهُمْ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Lan saktemene sira (Muhammad) iku temen ajak - ajak ing wong - wong mau marang dalan kang bener (agama Islam)
وَإِنَّ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ عَنِ الصِّرَاطِ لَنَاكِبُونَ
Lan saktemene wong - wong kang ora percaya marang akherat iku nyimpang saka agama kang bener
وَلَوْ رَحِمْنَاهُمْ وَكَشَفْنَا مَا بِهِمْ مِنْ ضُرٍّ لَلَجُّوا فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ
Lan upama wong - wong kafir iku Ignsun paringi rahmat lan Ingsun ilangake kesusahane (anggone nandang pailan) mesthi sangsaya ndodro anggone nasar, bali kaya mau - maune
وَلَقَدْ أَخَذْنَاهُمْ بِالْعَذَابِ فَمَا اسْتَكَانُوا لِرَبِّهِمْ وَمَا يَتَضَرَّعُونَ
Lan yekti saktemene Ingsun wis nurunake siksa marang wong - wong mau (wujud pailan) nanging dheweke meksa ora gelem sumungkem (andhap asor) marang pangerane lan ora gelem mareni anggone nasar (ora gelem ndendepe)

Choose other languages: