Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mumenoon Ayahs #67 Translated in Jawa

بَلْ قُلُوبُهُمْ فِي غَمْرَةٍ مِنْ هَٰذَا وَلَهُمْ أَعْمَالٌ مِنْ دُونِ ذَٰلِكَ هُمْ لَهَا عَامِلُونَ
Nanging atine wong kafir padha kelimput ora nindakake isine al-Qur’an, padha duwe tindak ala (ora kaya tindakke wong - wong mukmin kang kasebut mau) padha andodro anggone tindak ala mau, mulane padha disiksa
حَتَّىٰ إِذَا أَخَذْنَا مُتْرَفِيهِمْ بِالْعَذَابِ إِذَا هُمْ يَجْأَرُونَ
Bareng wis tekan mangsane Ingsun banjur matrapi siksa marang para panggedhene wong kafir mau, ing kono banjur padha sesambat
لَا تَجْأَرُوا الْيَوْمَ ۖ إِنَّكُمْ مِنَّا لَا تُنْصَرُونَ
Wong kafir nuli didhawuhi, "He wong kafir ing dina iki sira aja sesambat, awit sira ora bakal pikantuk pitulungan
قَدْ كَانَتْ آيَاتِي تُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ عَلَىٰ أَعْقَابِكُمْ تَنْكِصُونَ
Awit saktemene sira wis diwacakake ayat - ayatingsun, nanging sira padha mlengos bali marang agamanira kang dhisik
مُسْتَكْبِرِينَ بِهِ سَامِرًا تَهْجُرُونَ
Padha nggumedhe klawan ngaku - aku (anduweni Baitullah), sarta sira padha mlengos soko al-Quran, rame - rame (ngala - ala al-QUr’an ana sak kiwa tengene Baitullah)

Choose other languages: