Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mumenoon Ayahs #69 Translated in Jawa

لَا تَجْأَرُوا الْيَوْمَ ۖ إِنَّكُمْ مِنَّا لَا تُنْصَرُونَ
Wong kafir nuli didhawuhi, "He wong kafir ing dina iki sira aja sesambat, awit sira ora bakal pikantuk pitulungan
قَدْ كَانَتْ آيَاتِي تُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ فَكُنْتُمْ عَلَىٰ أَعْقَابِكُمْ تَنْكِصُونَ
Awit saktemene sira wis diwacakake ayat - ayatingsun, nanging sira padha mlengos bali marang agamanira kang dhisik
مُسْتَكْبِرِينَ بِهِ سَامِرًا تَهْجُرُونَ
Padha nggumedhe klawan ngaku - aku (anduweni Baitullah), sarta sira padha mlengos soko al-Quran, rame - rame (ngala - ala al-QUr’an ana sak kiwa tengene Baitullah)
أَفَلَمْ يَدَّبَّرُوا الْقَوْلَ أَمْ جَاءَهُمْ مَا لَمْ يَأْتِ آبَاءَهُمُ الْأَوَّلِينَ
Yagene wong kafir mau ora gelem niti priksa (mikir) dhawuhing al-Qur’an, apa padha rumangsa didhawuhi barang kang durung didhawuhake Allah marang leluhure biyen
أَمْ لَمْ يَعْرِفُوا رَسُولَهُمْ فَهُمْ لَهُ مُنْكِرُونَ
Apa wong kafir mau ora weruh marang Rasule, (nabi Muhammad) banjur dheweke padha mungkiri marang utusane iku

Choose other languages: