Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mumenoon Ayahs #54 Translated in Jawa

وَجَعَلْنَا ابْنَ مَرْيَمَ وَأُمَّهُ آيَةً وَآوَيْنَاهُمَا إِلَىٰ رَبْوَةٍ ذَاتِ قَرَارٍ وَمَعِينٍ
Lan Ingsun wis dadekake (Isa) putrane Maryam sarta ibune minangka tandha yekti kuasaningsun. Lan sak klorone wis Ingsun panggonake ana ing panggonan kang dhuwur (yaiku Baitul Muqaddas) kang palemahane rata tur gemah ripah loh jinawi lan ana kaline kang mili banyu
يَا أَيُّهَا الرُّسُلُ كُلُوا مِنَ الطَّيِّبَاتِ وَاعْمَلُوا صَالِحًا ۖ إِنِّي بِمَا تَعْمَلُونَ عَلِيمٌ
He para utusan sira padha mangana saka panganan kang becik - becik (halal), lan padha nindakna kabecikan, saktemene Ingsun iku maha Ngudaneni marang barang kang padha sira tindakake
وَإِنَّ هَٰذِهِ أُمَّتُكُمْ أُمَّةً وَاحِدَةً وَأَنَا رَبُّكُمْ فَاتَّقُونِ
Sumurupa saktemene agama Islam iku agama lan syareatira kang siji (Islam). Lan Ingsun iku Pangeran ira kabeh, jalaran sangka sira padha bektia marang Ingsun (padha taqwa)
فَتَقَطَّعُوا أَمْرَهُمْ بَيْنَهُمْ زُبُرًا ۖ كُلُّ حِزْبٍ بِمَا لَدَيْهِمْ فَرِحُونَ
Ewo dene menungsa banjur beda - beda agamane, dadi pirang - pirang golongan; siji - sijine golongan padha kenceng ngrungkepi panemune dhewe - dhewe padha nduwe pangira menawa agama kang dirungkepi iku wis bener
فَذَرْهُمْ فِي غَمْرَتِهِمْ حَتَّىٰ حِينٍ
Wong mengkono mau tinggalen ing kesasarane lan kekafirane (karoben padha mek-mekan kaya wong wuta) nganti tekan mangsane (dheweke padha mati)

Choose other languages: