Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Mulk Ayahs #15 Translated in Jawa

فَاعْتَرَفُوا بِذَنْبِهِمْ فَسُحْقًا لِأَصْحَابِ السَّعِيرِ
Dadi wong kafir wis padha ngaku dosane (anggone maido para Rosul) mulane wong ing neraka Sa’ir mau padha didohake saka Rahmate Allah
إِنَّ الَّذِينَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ بِالْغَيْبِ لَهُمْ مَغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ كَبِيرٌ
Sarupane wong kang padha bekti ing Allah Pangerane ana ing wektu sepi padha oleh pangapurane Allah, lan diparingi ganjaran gedhe
وَأَسِرُّوا قَوْلَكُمْ أَوِ اجْهَرُوا بِهِ ۖ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ
Padha kondhoa lirih utawa seru kanggo Allah padha war, awit Allah iku nguningani sakreteking ati
أَلَا يَعْلَمُ مَنْ خَلَقَ وَهُوَ اللَّطِيفُ الْخَبِيرُ
Apa Panjenengane kang nitahake iku ora uninga? Lan Panjenengane ingkang anguningani sabarang kang lembut - lembut, ing kang waspada
هُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الْأَرْضَ ذَلُولًا فَامْشُوا فِي مَنَاكِبِهَا وَكُلُوا مِنْ رِزْقِهِ ۖ وَإِلَيْهِ النُّشُورُ
Allah iku kang handadekake bumi iku gampang dianggo mlaku. Sira padha lumaku ana lumahing bumi, lan padha mangana rizkine Allah kang wis dicawisake dening Pangeranira. Ing tembe manungsa padha diadepake ana ngarsane Allah

Choose other languages: