Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Kahf Ayahs #10 Translated in Jawa

فَلَعَلَّكَ بَاخِعٌ نَفْسَكَ عَلَىٰ آثَارِهِمْ إِنْ لَمْ يُؤْمِنُوا بِهَٰذَا الْحَدِيثِ أَسَفًا
Bokmenawa sira (Muhammad) ngrusak awakira dhewe, jalaran sira sedih anggetuni yen wong - wong mau ora padha gelem percaya marang (cerita) kang kasebut ing dalem al-Quran iku
إِنَّا جَعَلْنَا مَا عَلَى الْأَرْضِ زِينَةً لَهَا لِنَبْلُوَهُمْ أَيُّهُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا
Satemene Ingsun nitahake barang kang ana ing bumi minangka kanggo nyoba marang wong - wong mau, endi lan sapa ing antarane dheweke kang luwih becik tindakane
وَإِنَّا لَجَاعِلُونَ مَا عَلَيْهَا صَعِيدًا جُرُزًا
Lan satemen Ingsun kang bakal andamel rerenggan kang ana ing bumi mau dadi lemah kang rata ora ana thethukulane
أَمْ حَسِبْتَ أَنَّ أَصْحَابَ الْكَهْفِ وَالرَّقِيمِ كَانُوا مِنْ آيَاتِنَا عَجَبًا
He Muhammad, apa sira ngira menawa Ashabul-Kahfi (kang ana ing guwa) lan kang duwe raqiem (ukiran catetan) iku sawenehe tanda yektiningsun kang nggumunake
إِذْ أَوَى الْفِتْيَةُ إِلَى الْكَهْفِ فَقَالُوا رَبَّنَا آتِنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً وَهَيِّئْ لَنَا مِنْ أَمْرِنَا رَشَدًا
(Muhammad) sira nyritakna lelakone Ashabul Kahfi mengkene: "Nalika para nonoman iku padha ndelik ana ing guwa dheweke padha nyingkiri pada dipeksa nyembah brahala dening ratune, dheweke padha dedonga: ’Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan paring rahmat dhateng kawula saking ngarsa Panjenengan saha mugi Panjenengan damel sae urusan kawula, ingkang njalari kawula angsal Pitedah

Choose other languages: