Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jumua Ayahs #5 Translated in Jawa

يُسَبِّحُ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ الْمَلِكِ الْقُدُّوسِ الْعَزِيزِ الْحَكِيمِ
Hisen - hisening langit lan bumi padha nyebut Maha Suci ing Allah, panguasa kang Maha Suci, Kang Maha Mulya tur Wicaksana
هُوَ الَّذِي بَعَثَ فِي الْأُمِّيِّينَ رَسُولًا مِنْهُمْ يَتْلُو عَلَيْهِمْ آيَاتِهِ وَيُزَكِّيهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَإِنْ كَانُوا مِنْ قَبْلُ لَفِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
ALlah iku kang ngutus (Rosul Muhammad) marang wong kang ora bisa maca saka golongane (wong arab banjur dhawuhake ayating Allah marang dheweke, lan ngresikake atine saka mangro tingal, sarta mulang al-Quran kang isi hikmahe Allah, sanadyan sadurunge padha tetela kesasar)
وَآخَرِينَ مِنْهُمْ لَمَّا يَلْحَقُوا بِهِمْ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Lan nerangake uga marang para ummat liyane kang ora menangi zamane ummat mau. Allah iku Maha Mulya tur Wicaksana
ذَٰلِكَ فَضْلُ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ
Kang mangkono iku sih kanugrahane Allah dadi parenge kersane. Allah iku kagungan kanugrahan agung
مَثَلُ الَّذِينَ حُمِّلُوا التَّوْرَاةَ ثُمَّ لَمْ يَحْمِلُوهَا كَمَثَلِ الْحِمَارِ يَحْمِلُ أَسْفَارًا ۚ بِئْسَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِ اللَّهِ ۚ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ
Sarupane wong kang wis didhawuhi ngistokake Taurat wusana banjur ora gelem (banjur nerusake manut marang nabi Muhamad SAW). Iku upamanane kaya Himar (jalaran cilik bodho) gawa kitab - kitab gedhe. Hala temen sarupane wong kang padha maido ayating Allah, Allah ora kersa paring pituduh bener marang wong kafir

Choose other languages: