Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jathiya Ayahs #7 Translated in Jawa

إِنَّ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ لَآيَاتٍ لِلْمُؤْمِنِينَ
Kabeh barang ing bumi lan langit mesthi dadi tondha yekti gedhe kanggo para kang angesthu
وَفِي خَلْقِكُمْ وَمَا يَبُثُّ مِنْ دَابَّةٍ آيَاتٌ لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
Anggonira dumadi lan sarupaning hewan kang gumelar, gumremet ana bumi tumrap wong kang padha ngandel bakal kelakone qiyamat uga dadi tondho yekti
وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا أَنْزَلَ اللَّهُ مِنَ السَّمَاءِ مِنْ رِزْقٍ فَأَحْيَا بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا وَتَصْرِيفِ الرِّيَاحِ آيَاتٌ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Dene beda - bedana rina lan wengi lan anane udan kang nuwuhake rizki kang diturunake dening Allah saka langit banjur dianggo nguripake bumi kang wis bera apa dene lakune angin uga dadi tandha yekti tumrap wong kang ana pikire
تِلْكَ آيَاتُ اللَّهِ نَتْلُوهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۖ فَبِأَيِّ حَدِيثٍ بَعْدَ اللَّهِ وَآيَاتِهِ يُؤْمِنُونَ
Ayat kang wis kasebut mau tandha yektining Allah, Ingsun gelarake kelawan nyata marang sira. Yen meksa padha maido banjur arep ngandel apa, liyane dhawuh lan tandha yektine Allah
وَيْلٌ لِكُلِّ أَفَّاكٍ أَثِيمٍ
Cilaka temen sarupane tukang maido tur akeh dosane

Choose other languages: