Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Jathiya Ayahs #36 Translated in Jawa

وَإِذَا قِيلَ إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَالسَّاعَةُ لَا رَيْبَ فِيهَا قُلْتُمْ مَا نَدْرِي مَا السَّاعَةُ إِنْ نَظُنُّ إِلَّا ظَنًّا وَمَا نَحْنُ بِمُسْتَيْقِنِينَ
Manawa sira dipituturi janjine Allah bakal nguripake wong kang wis padha mati iku bener. Dene kelakone dina Qiyamat ora sumeleng. Kowe mangsuli, "Embuh ora weruh apa dina Qiyamat?" manawa aku gelem nyana ora weruh nyatane, dadi tanpa gawe
وَبَدَا لَهُمْ سَيِّئَاتُ مَا عَمِلُوا وَحَاقَ بِهِمْ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ
Ing kono tetela kang dilakoni wong kafir hala kabeh. Dene patrapane anggone geguyu al-Quran nempuh marang si kafir
وَقِيلَ الْيَوْمَ نَنْسَاكُمْ كَمَا نَسِيتُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا وَمَأْوَاكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُمْ مِنْ نَاصِرِينَ
Padha didawuhi, "Ing donya iki Ingsun ora perduli kaya anggonira ora perduli ngelakoni kabecikan kang bakal maidahi ing dina Qiyamat. Saiki panggonira mesthi ana ing neraka. Ora ana kang bisa nulungi
ذَٰلِكُمْ بِأَنَّكُمُ اتَّخَذْتُمْ آيَاتِ اللَّهِ هُزُوًا وَغَرَّتْكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۚ فَالْيَوْمَ لَا يُخْرَجُونَ مِنْهَا وَلَا هُمْ يُسْتَعْتَبُونَ
Mangkono mau marga anggonira geguyu al-Quran, sira padha ketutup ngrasakake kabungahan ing donya. Ing dina iki wong kafir padha ora bisa metu saka neraka, lan wis ora diparingi tobat
فَلِلَّهِ الْحَمْدُ رَبِّ السَّمَاوَاتِ وَرَبِّ الْأَرْضِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Sakabehing puji kagungane Allah, Pangerane bumi lan langit lan alam kabeh

Choose other languages: