Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Isra Ayahs #38 Translated in Jawa

وَلَا تَقْرَبُوا مَالَ الْيَتِيمِ إِلَّا بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ حَتَّىٰ يَبْلُغَ أَشُدَّهُ ۚ وَأَوْفُوا بِالْعَهْدِ ۖ إِنَّ الْعَهْدَ كَانَ مَسْئُولًا
Lan sira kabeh aja padha cerak-cerak (aja padha wani-wani nganggo) marnag bandhane bocah yatim, kajaba kanthi dalan amrih becik, nganti tumeka mangsane dewasa (baligh). Lan sira padha netepana janji, jalaran satemene janji iku bakal ditagih
وَأَوْفُوا الْكَيْلَ إِذَا كِلْتُمْ وَزِنُوا بِالْقِسْطَاسِ الْمُسْتَقِيمِ ۚ ذَٰلِكَ خَيْرٌ وَأَحْسَنُ تَأْوِيلًا
Lan sira padha nyampurnakna (ganepna) takeran menawa sira naker, sarta nimbanga kanthi timbangan kang jejeg (adil). Kang mengkono iku luwih becik lan becik-becike pungkasan (akherat)
وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ ۚ إِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ أُولَٰئِكَ كَانَ عَنْهُ مَسْئُولًا
Lan sira aja pisan-pisan manut apa bae kang durung sira sumurupi ’ilmune, jalaran satemene pangrungu, pandeleng lan ati iku kabeh bakal diperiksa kahanane
وَلَا تَمْشِ فِي الْأَرْضِ مَرَحًا ۖ إِنَّكَ لَنْ تَخْرِقَ الْأَرْضَ وَلَنْ تَبْلُغَ الْجِبَالَ طُولًا
Lan sira aja lumaku ana ing bumi gembelengan (gumedhe). Satemene sira ora bakal bisa mbotolake bumi, apadene dedekira ora madhani gunung
كُلُّ ذَٰلِكَ كَانَ سَيِّئُهُ عِنْدَ رَبِّكَ مَكْرُوهًا
Alane kabeh kang dicegah mau, banget ora direnani ana ing ngersane Pangeranira, (dne kang becik, dialembana)

Choose other languages: