Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hijr Ayahs #59 Translated in Jawa

قَالُوا بَشَّرْنَاكَ بِالْحَقِّ فَلَا تَكُنْ مِنَ الْقَانِطِينَ
Padha calathu: Kula suka wartos bibingah dhateng sampéyan punika kalayan yektos, mila- nipun sampun sampéyan dados èwoning tiyang ingkang putung ing pangajeng-ajeng
قَالَ وَمَنْ يَقْنَطُ مِنْ رَحْمَةِ رَبِّهِ إِلَّا الضَّالُّونَ
Calathuné: Lan sinten ing- kang putung pangajeng-ajengipun dhateng wilasaning Pangéranipun kajawi para tiyang sasar
قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ أَيُّهَا الْمُرْسَلُونَ
Calathuné: lajeng punapa perlu panjenengan, dhuh para utusan
قَالُوا إِنَّا أُرْسِلْنَا إِلَىٰ قَوْمٍ مُجْرِمِينَ
Padha calathu: Saèstu, kula sami dipun utus dhateng ing umat ingkang sami duraka
إِلَّا آلَ لُوطٍ إِنَّا لَمُنَجُّوهُمْ أَجْمَعِينَ
Kajawi para pandhèrèkipuna Luth:b Saèstu, punika sami badhé kula wilujengaken sadaya

Choose other languages: