Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Hijr Ayahs #6 Translated in Jawa

رُبَمَا يَوَدُّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْ كَانُوا مُسْلِمِينَ
Kerep baé para kang padha kafir angajab lamuna mauné padha dadi Muslimin
ذَرْهُمْ يَأْكُلُوا وَيَتَمَتَّعُوا وَيُلْهِهِمُ الْأَمَلُ ۖ فَسَوْفَ يَعْلَمُونَ
Padha togna baé, cikbèn padha mangan lan seneng-seneng sarta dhèwèké padha ébra pangarep-arep, amarga dhèwèké bakal énggal padha weruh
وَمَا أَهْلَكْنَا مِنْ قَرْيَةٍ إِلَّا وَلَهَا كِتَابٌ مَعْلُومٌ
Lan ora pisan Ingsun angle- bur sawijining kutha kajaba masthi mangsa wus diweruhaké marang iki
مَا تَسْبِقُ مِنْ أُمَّةٍ أَجَلَهَا وَمَا يَسْتَأْخِرُونَ
Ora ana umat bisa anggégé mangsané kang wus tinamtokaké lan ora bisa nyumenèkaké
وَقَالُوا يَا أَيُّهَا الَّذِي نُزِّلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ إِنَّكَ لَمَجْنُونٌ
Dhèwèké padha calathu: É, wong kang tinurunan Pépéling, sayekti kowé iku édan temen

Choose other languages: